Tampilkan postingan dengan label CERKAK. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CERKAK. Tampilkan semua postingan

Jumat, 02 Januari 2015

Cerkak "Dalan Tresna"



            Lire urip lumaku tanpa ana sing mangerteni, rena duka wis dadi babagan lumrah tan bisa ana sing ngadang utawa menging, semana uga rasa katreasnan. Kang isa tumeka lan lunga tanpa dinyana. Sawetara ngugemmi apa salahe. 
 “Dhok lel, leren sek olehe nyambut gawe,  kono dhang resek-resek!” suarane mbok marti ngundhang putrane.
“inggih mbok, menika kula rampungake rumien, kantun sekedhik og.”
 “iya wis dang dirampungke, mengko nek mangkat sekolah aja lali sarapan dhisek  ya!”
“inggih mbok”.
            Kaya ngeneki kahananku saben dina, aku leli, anak dhusun Karta Miri kang kudhu berjuang kanthi keras kanggo golek sega lan nyambung urip. Sejatine aku isih sekolah ana ing bangku sma, ananging  sakdurunge mangkat sekolah aku tansah ngewangi si mbokku sing prenggaweane dadi buruh umbah-umbah. ora akeh pancen paulihane, nanging sak orane kuwi bisa dadi dalan nyambung urip.
“Lel wis nggarap pre bu rina sing diutus gawe monolog?” pitakone Wartini mecah lamunanku
“wis war, lha awakmu? Aja muni nek lali durung garap?”
“Waduh lel piye iki aku durung blas, ndek bengi aku nonton film anyar sing digawakake dening masku saka Semarang, lel warai ya aku, lel plisssss?”
            Wartini kuwi kanca raketku, kanca raket sing kaet cilik wis runtang-runtung bebarangan, umure uga ora aduh karo umurku sing mung  kacek rong sasi luwih enom, ning bedhane yan aku anak randa burah umbah-umbah, Wartini kuwi anak lurah dhusun kang disegani tur dheweke uga ayu, mulakna akih kanca-kanca lanang ing sekolahku pada keplincut lan gandrung asmara karo dheweke.
            Salah sawijining dina, kaya adat biasane aku mlaku menyang sekolah kang jarake lumayan adoh saka omahku, nalika kuwi aku rada kawanen amerga sakdurunge budhal aku kudhu ngebarke umbah-umbahan kang ora bisa disambut si Mbok, amerga panjenengane lagi gerah. bis kang biasane tak tumpaki wis ora ana. kanti langkah kemrungsung aku napaki dalan cilik pinggir dalan gedhe, pikiranku wis was-was wedi nek kecer padahal dina kuwi aku ana ujian semester. Dumadakan mak gedebruk, aku tiba kesandung watu sing bregegek gedhe ing sisih kiwane dalan.“astagfirrallh, piye iki sikilku kesleyo ora bisa dienggo mlaku apa meneh iki wis jam 7 luwih.” Sambatku kaucap metu, dumadakan ana tangan kang diulurke ngekei isarat  supaya aku nampani tangan kang di ulurke  kuwi.
“Ati-ati dek, nek mlaku. Sing lara apane?” mripatku sesekali ketemu pandang kara pawongan lanang sing uga nganggo seragam sekolah abu-abu kuwi.
“Inggih mas, menika kula saweg kesusu ananging boten punapa- napa kok” Jawapanku rada dingkluk
 “Lha kok yah mene durung mlebu sekolah? Lha sekolahmu ngendi dek?”
 “Kula saking sma 1 mas, menika kula radi kesiangan dadose kemrungsung kados ngeten niki “ kelekku sing rada isin
 “Oh kebeneran aku ya sma 1, bareng aku wae “ ujare pawongan lanang sing duweni kulit sawo mentah lan praupan ganteng kuwi karo nyandak pite.
 “Lha panjenengan kok nggih kengeng menopo ugi dereng kesah?” pitakonku takwanek-wanekke
 “Aku saka rumah sakit dik, ana perlu sakwetara. Kene dik dang munggah”
            Tanpa kaucap apa-apa saka lambeku, tanganku ditarek lan diungguhke ana goncekan buri, sejatine ana rasa deg-deg ing jero ati nalika kuwi, apa meneh iki kali kapisanan aku digoncekke pawongan lanang, “ ya allah, apa iki sing tak rasa? Apa iki sing diarani love at first sign?” batinku neng jero ati tanpa bisa kaucap, pawongan lanag kuwi tansah ngolai pite saya banter. Ana ing dalan aku ora wani ngajak omong apa-apa, amerga rasa deg-deg ing atiku. Orao kanggo ngomong, takon asmane wae ora bisa kawedar.
            Bubar kedadeyan kuwi, aku bener-bener ora isa nglaleake praupan lanang kang wis tumemplek ing atiku, saya suwe saya jeru kependem. Kaya kapendeme tales sing wis kadung ketumpuk deneng lemah sing saya duwur.

Cerkak "Salah Njupuk"



            Sawijining dina, ing wanci sore udane deres banget. Ing wektu kuwi sakeluwargane Lusi lagi pada gegojegan ing ruang tamu. Lusi dhewe, ibu, bapake, lan sedulur-sedulure padha rerasan bab kang mau awan kelakon. Nalika kuwi udan pancen deres banget hawa atis gawe Pak Kus bapake Lusi katon sayah, apa meneh kondur saka kantor mau ndadak nganggo kudanan barang.
            Bubar siram, Pak Kus ngutus Lusi supaya jupuk lenga putih (minyak kayu putih) sing arep dienggo gosokan marga hawane pancen atis tenan.
            “Hawane kok atise ngene ya, ndadak rasane kudu masuk angin.” Sambate Pak Kus, “ndhuk, Lus bapak jupukake lenga putih” printahe panjenengane.
            Minangka bocah sing taat Lusi terus menyat ngadeg lan mlaku ngarah menyang kothak obat sing pancen ora pati adoh panggonane saka naggone lungguh. Durung nganti tekan panggonan kothak mau, dumadakan Mak Pet! lampu listrike mati kabeh kemangka kahanan wis wiwit peteng.
            Rumangsa wis apal banget karo pernahe obat mau, mula tanpa ngenteni urube lampu Lusi langsung grayah-grayah lan kasil nyekel botol kang miturut pangirane dheweke isi lenga putih. Botol enggal-enggal diaturake bapak.
             “Menika pak, lenga putihipun” kandane lusi karo ngulurke botol sing digegem ing tengene. 
            Tanpa nganggo dipersani disik botol sing dikira isi minyak kayu putih kuwi langsung dienggo gosokan sakojur dening pak Kus. Rumangsa wis cukup anggone gosokan, Pak kus ngutus Lusi maneh supaya mbalekake botol mau menyang panggonane lan karo ngulungake botol mau Pak Kus takon.
            “Apa olehmu njupuk botol mau ora kliru ta nduk? Jalaran bubar gosokan iku bapak kok ora ngrasakake angete lenga putih babar pisan malah mung krasa anyep-anyep piye ngono” piatakone Pak Kus manyang Lusi.
            Lusi karo nampani batol mau mangsuli “ leres kok pak, kula inggih apal sanget bentuke botol minyak kayu putih”
            Sakwise botol mau disimpen maneh ing panggone, lan lusi durung nganti kober lungguh. Mak byar! lampu murup. Wah !!!, Lusi domblong lan meh wae semaput weruh bapake sing awake sak kojur abang kabeh. Bareng disetitikake jebul olehe njupul botol mau kliru.
Obat merah dikira lenga putih.  Pak Kus kang ngerti awake abang kabeh mung bisa mesem wae ngerti polahe anake sing kaya ngono iku. Semono uga bareng ibu lan sedulur-sedulure sing padha ngerti, dadi padha ngguyu ger-geran.

Cerkak "Kecipratan Kebo Gupak"



            Embuh kepiye wiwitane, olehku kekancan karo Hasan dadi renggang, lan maleh raket karo Rendi lan yono, mongko bocah loro kuwi banget nakale. Marga kekancanku karo bocah-bocah kuwi uga, aku nerak larangane wong tua, yen diumpamakno prasasat kaya cedak karo kebo gupak.
Bebarengan karo rendi lan yano, aku kerep bolos, jaili kanca-kanca, ngrepek yen ulangan, ngutil ing kantin lan penggawean ala liyane. Malah sok-sok aku wis wani colong jupuk nggonane wong liyan.
            “kowe ki mbok aja nemen-nemen ngraketi Rendi lan yono, ta Gung. Bocah-bocah kuwi, kereb tumindak ora becik.” Mengkono kandhane Hasan ngelingake aku ing sawijining dina.
            “kenek apa? Kowe meri nek aku kekancan karo bocah-bocah kuwi?” ujarku sombong lan sengol.
            “ora merga iku, aku mung ora kepingin, kowe mengko ketularan, saiki wae kowe wis kereb bolos, lan aku nate krungu, kowe uga wis wani tumindak kang ora becik amerga kancamu loro kuwi”.
            “kuwi dudu urusanmu, lan dudu kewajibanmu melu nyampuri urusanku!”.
            Embuh perkoro nesu karo aku, apa marga nduwe karep liya, sawijining dina Hasan ngandakake sekabehing tumindakku marang Bapak. Jalaran saka lapurane Hasan, aku disengeni Bapak, kepara malah diajar. Aku uga ora oleh dolan metu saka omah nganti pirang-pirang dina.
            Nalika iku aku mangkel banget marang Hasan. Atiku lara. Nemen larane nganti ora bisa diempet pepinginanku males dheweke. Karo dibaturi Rendi lan Yono kekarepanku males kuwi dakrancang lan dak tindakake. Nalika kelas lagi sepi, barang-barang aji sing ana jroneng tase kanca-kancaku dakjupuk, dak pindahake ing jero tase Hasan, tanpa ana sing meruhi.
            Dina iku, swasana kelas dadi geger rame. Akeh bocah kang padha bingung , weruh barang-barange sing padha ilang. Sekala pak Rahman guru kelasku melu turun tangan. Ngludai sakabehing tas sing ana ing njero kelas.
            Ora ndadak ngenteni suwe kanggo ngglandang Hasan, tumuju menyang kantor guru. Marga kabeh barang sing ilang mau, padha sumimpen ing jero tase bocah kuwi.
            Mesthine Hasen disengeni ing jero kantor guru, malah antuk paukuman. Aku uga nduweni panduga yen guruku kuwi nglapurake hasan marang wong tuwane. Marga sesuke, dak sawang pupu kekarone katon biru gosong, kaya menthas dijiwitti. Sapa maneh sing njiwit yen dudu wong tuwane.
            Sejatine aku wis rumangsa marem dene pepinginanku males wis bisa klakon. Nanging ora menkono tumprap Rendi lan Yono.
            “Kanggo menehi pelajaran marang bocah kuwi, ora cukup yen mung sepisan,” ujare Yono.
            “Bener, awake dhewe kudu ngajar sepisan maneh, kareben bocah kuwi kapok tenan!” Rudi melu nambahi. Kepeksa aku nyarujuki kekarepane bocah loro kuwi.
            Kanthi setengah ati, aku nindakake apa kang dirancang dening Rendi lan Yono. Glati awehe bocah loro kuwi taktancepake nyang ban sepedha Montore Pak Rahman ngarep buri, banjur takpasrahake maneh marang sing nduwe.
            Aku ora ngerti, kepiye carane bocah loro kuwi nglebokake ana ing jero tase Hasan. Weruhku mung paukuman sing kudu ditampa Hasan saka tumindak ala sing babar pisan ora dilakoni dheweke. Bocah kuwi diglandang kanggo kaping pindhone, tumuju  menyang kantor guru. Nanging ukuman kang ditampa Hasan saka timindakku sakanca, ora dak kira yen bakal semono abote. Dudu ukaman saka Pak Rahman lan guru-guru liyane. Nanging ukuman saka bapake Hasan dhewe sing awan iku uga diundang teka menyang sekolah.
            Kegawa rasa isin, pangamuke wong tuwane Hasan kaya wong kang lagi kesurupan. Ana ing tengah latar sekolah, Hasan diajar nganggo kayu pang, pipine ditempiling, nganti bolongan irunge ngucurake getih.
            Tangise Hasan ngero-ngero, ngiris-ngiris atiku sing nyawang saka kadohan. Ana rasa getun sing telat anggone teka. Merga Hasan wis kadhung ditidhuh nyolong barange kanca-kanca, kadhung diarani ngrusak sepedha montor, lan kadhung diajar wong tuwane nganti ndleweran getihe.
            Dina sesuke Hasan ora mlebu sekolah. Pangiraku marga lara sawise diajar karo bapake. Nanging luwih saka seminggu Hasan mesa durung mlebu sekolah, mengko gek ana kedadeyan liya jalaran tumindakku wingi. Mula kanthi manek-manekake ati, aku dolan menyang omahe, nakokake kahanane Hasan marang wong tuwane.
            “Hasan taktitipake pakdhene ana Jombang, Gung. Ing kana sekolah sianambi ngaji ana pesantren. Bocah kuwi nakale keliwat wates. Menawa wae yen ngecap ilmu pesantren, nakale bisa enggal mari,” ature ibune Hasan nyeritake anake.
            Mulih saka omahe Hasan eluh mili saka mripatku. Rasa kadosan gedhe lan getun ora ana entek-enteke. Krana saka tumindakku bocah kuwi nglakoni lelakon kang elek. Amerga prastawa kuwi aku wiwit ngadoh saka sumbering kaluputan. Aku emoh maneh dijak kumpul lan dolan karo Rendi lan Yono. Marga bicah kuwi kang njalari aku nakal. Njalari aku tega tumindak ala marang wong liya, mligine marang Hasan.

Cerkak "Apa Iya, Tresna Katur MasTresno"



            Krakarsana, tembung sing pengin banget dak unekake nanging meso ora isa kewedhar, nalika pawongan lanang ing sisihku ngguyu ngatonake untune sing miji timun, ngrayah-ngrayah dada nganti keprungu banter swara detakkane ngungkuli ambegan sing ngos-ngosan sakbubaring munggah lantai 3.
“Kaya ngene maneh?”  Swarane Kluprut (swara cilik  ing atiku) kawetu takon  marang awak sing lagi ngrasakna rasa kang padha kaya  setaun wingi nalika tetepangan kapisan lan pungkasan  karo Mr. Bay  sawijining maling kang wis ngawa mlayu saperangan bab ing dada, emboh apa kuwi. Lan nganti seprene ora dakngerteni tapak tilase.
kok balik lagi” Grambyangan atiku kepotong dening swara pitakonan ditujuke marang aku sing pijer meneng kamitenggengen. “iya, tadi cuma ngeprint lagian laptopku juga masih dipakai untuk presentasi” jawabku takgawe biasa ngilangake rasa grogi sing ngoyak nalika njupuk lungguh ing sisih pawongan saka jurusan HKN, Fakultas Ilmu Sosial kuwi.
“Swara renyah kuwi” tembunge Klupruk nyelak saka njero, banjur blajutku “kaya kae pawongan siji kang dadi tresna kapisanku”. Duh ya apa?. Pancen wis bangsa 3 wulan aku serombel karo mas HKN Semester 5 kang duweni pawaan ireng manis kuwi, ananging kenapa Senin iki bedho karo padatan? kaya ana hawa sumebar saka swarane, guyune, lan clotehane sing nyengsemake kanggoku.  Aja muni yen aku tresna karo mas  sing duwe jengen dhawa 
Dina kuwi pacen kuliyah Kewarganegaraane kosong, ning ana tugas saka dosen diutus presentasi dewe kaya padatan. Serombel pada mangerteni yen aku pancen wong ceriwis sing bakal tumut drememel ngomen ngalor ngidul apa kang lagi dibahas, sak orane kuwi bisa dadi nilai tambah kanggo narik simpatine Mas Trisno, sanajan dudu kuwi tujuanku sing sakbenere melu nguda rasa nalika diskusi nanging apa salahe yen aku “Menyelam sambil cari ikan” kuwi tembunge Klupruk kang dak kutip.
Ananging pranyata nasib dudu ana ing aku, sakbubaring kuwi aku tan bisa katemu karo Krakarsanaku, ora isa maneh dadi penggemar rahasia kang atine mumbul nalika maju ing ngarep lan ngomong ngalor ngidul karo dheweke. Ora ana maneh  bisa nyolong-nyolong guyune lan eseme sing manis ngluwihi gula jawa, ora ana maneh mung kajobo nyalahke nasib sing tanpa owah-owahan kaya mengkono.