Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Pedah Apa"


pedah apa ngundha rasa
miyaki dongeng lan crita lawas
ngengidung tembang kasmaran
nyicir wektu
ngoyak impen wayah turu

pedah apa nggadhang udan salah mangsa
mokal tumurune
pinesthi nglengkarane

kareben wiji mati
sauger netepi pesthi
kareben lemah nela tanpa tuwuh
sauger netepi kodrating dhawuh
luhur-luhuring titah
lamun ikhlas ing sumarah
mulat sarira angrasa wani
legawa narima jantraning wanci



Geguritan "Atiku Dakjaluk Bali"


Separo atiku
Dakwenehake sliramu
Sasi ruwah limang taun kepungkur
Jare kanggo njangkepi atimu
Sing kadhung digawa mlayu
Saiki
Atiku koseleh ngendi
Isis njero jam kang gumantung ing senthong
Apa kependhen pawuhan mburi omahmu?

Tinimbang ora kopen ing regeman
Luwih becik balekna,
Aku ora trima
Yen mung arep disiya siya

Tinimbang ora kopen ing regeman
Luwih becik balekna,
Aku ora trima
Yen mung arep disiya siya



Geguritan "Ing Ngendi Dunungmu"


atiku kesel
nututi megamega ing langit kae
pranyata ora ana kang ko titipi
nggadang atimu
prasasat ngoyak playune angin
dak turut ngalor mlakumu ngidul
dak cegat wetan sliramu ngulon
saben saben mung ngreridhu
wewayanganmu kang sakeplasan
kumlebat ing antarane
that thit lan mendhung ireng
ing ngendi kudu daklari
dunungmu kang sayekti

Geguritan "Aja Nakal Priyaku"


aja nakal priyaku
bun esuk during tuntas
kringet uga during atus
sedheng tapak kuku
isih krasa panas ing pundhak

aja kesusu priyaku
klasa isih gumelar
sabar ngenteni crita endah
ngenani laku kanga arep katuju
dalane pancen lunyu
tilas udan wingi kae
nggrayanga golek cekelan lamun sikilmu krasa gumeter

aja nakal priyaku
entenana aku ing nduwur gumuk
awit awakku wis tanpa daya
rinegem kridhamu kang saya ndadra



Jumat, 12 Desember 2014

Geguritan "Bonbin"


Jembar gumelar, kinemulan suket tinata apik
Warna-warna kewan ana ing bonbin                       
Kewan liar uga kewan jinak
Embun esuk tumetes baka siji
Aweh pepuji marang wong kang ngrumati kewan-kewan iku
Pranyata….
Akeh wong sing padha dolan marang bonbin
Andelengi wena-wernaning kewan
Wong kang rawuh padha playon
Wong kang rawuh padha gegojegan
Wong kang rawuh bisa ngguwang sumpeging
ati bebareng