Jumat, 12 Desember 2014

Cerkak "Prei Mingeti Idhul Adha"



S
eminggu sadurunge riyaya Kurban, kampus isih rame kaya dina-dina biyasane.  Aku lan kanca-kanca isih padha kuliyah. Dina kuwi ngepasi pas dina Selasa. Kanca-kanca wis padha sarujuk yen sesuke padha ora mangkat, amarga arep padha mulih menyang desane dhewe-dhewe. Padha wae aku ora mudik, wong omahku ana ing Kecamatan Ungaran Barat (Kabupaten Semarang)  kene iki. Aku  rak ya bungah ta! Bungahku  padha karo bungahe kanca-kancaku sing padha arep mulih ing desane. Limang dina suwene aku mrei kuliyah.
                Dina Jumat tanggal 26 Oktober 2012 yaiku sasi Besar. Wong-wong padha mangeti dina kuwi kaya padha pas Idul Fitri. Esuk-esuk mruput, wong Islam  padha menyang mesjid. Padha nglaksanakake solat Id kanthi jamaah. Aku mangkat ing mesjid bareng-bareng karo tangga teparoku. Ora numpak montor, nanging padha mlaku saka omah tekan mesjid. Bubar saka mesjid, bali ing omahe dhewe-dhewe. Tradisi ana ing desaku yen wis bali saka mesjid, wong-wong padha slametan ana ing langgar utawa mesjid. Padha ngetokake panganan lan didongani karo sesepuh. Panganan sing wis didongani mau bareng-bareng dipangan.
                Ngepasi Idul Adha kuwi dina Jumat, wong lanang sing muslim padha nglaksanakake kuwajiban Jumatan. Bubar selametan, cepet-cepet ndang nyembelih kewan sing digawe korban yaiku ana sapi lan wedhus. Sadurunge kewane disembelih, diwacake donga dhisik. Banjur, dikeleti karo bapak-bapak. Aku bisane namung ndeloki wae. Bageyane ibu-ibu ngirisi daging sing wis dikeleti iku. Nganti ambune penguk kaya ngono. Jam 11 wae wis rampungan, daging-daging mau dibandhum karo wong-wong kono. Dadi, padha entuk rata.
Wong-wong padha mangeti dina       kuwi kaya padha    pas Idul Fitri.      Esuk-esuk mruput
wong Islam    padha menyang   mesjid
                Ing omahku ana daging sapi lan wedhus. Aku bingung ngrumati daginge kuwi. Banjur, ibuku wis tuku piranti kanggo nyate: areng, sunduk sate, ipit, lan liya-liyane. Pirantine tak siapke kabeh. Aku nyate daging wedhus, sanadyan ambune penguk. Aku ndilalah doyan satene. Aku mangane karo lonthong lan sate. Semana, wayahe pancen weteng wis luwe banget. Aku nganti ngentekake pirang-pirang sunduk.
                Sedina kuwi aku wis mblenger ngambu daging, nanging daginge isih akeh. Esuke aku ngagas, daginge arep tak gawe nugget. Adhuh, aku ora bisa gawene!  Mula, aku takon karo mbakyuku. Alhamdulilah mbakyuku ngewangi gawe, nanging bahane nganggo daging sapi sing ora patek penguk. Awit saka kuwi, aku menyang pasar tuku susu, glepung panir, wortel lan bumbu. Sawise tekan omah,  aku selak kepengin gawe nugget. Banjur, bahane mau tak siapke. Mbakyuku sing ngulek bumbune; aku sing ngraciki daginge. Jebul, yen masak ora ngerti carane masak kuwi angel. Ing riyaya Korban taun iki, aku luwih bisa sinau masak.
* * *

Cerkak "Kewirangan"


I
ng sadengah kutha wonten kaluwarga sing uripe mulya yaiku kaluwarga Pak Sasradireja. Ing kaluwarga kana mau Pak Sasradireja tinggal karo garwane, anakke lan rewange. Pak Sasradireja anakipun jaler jenenge Bagus kang wis diwasa umure meh ngancik pitu likur taun.       Rewange ing kaluwargane jenenge Mbok Siyem, umure ya durung tuwa-tuwa nemen nanging ya durung rabi. Mbok Siyem wis ngrewang ing kaluwarga Pak Sasradireja awit  isih sekolah ana SMP nganti Sari wis lulus kuliyah. Wis suwe anggone Mbok Siyem ngrewang, dadi Pak Sasradireja wis nganggep Mbok Siyem kaya kaluwargane dhewe.
                Bagus kang putra siji-sijine saka Pak Sasradireja kaliyan Ibu Sasradireja. Saiki Bagus wis ngancik diwasa lan wis lulus saka kuliyahe. Saiki Bagus wis kerja mapan ana ing bank swasta.  Umure Sari kang diwasa kuwi jalukane bapake yen  lek rabi. biyen nganti saiki  Bagus ora tau ngejak tiyang estri ing omahe. Pikirane bapake Sari durung duwe pacar. Amarga iku, Pak Sasradireja kaliyan ibu golekke paningset kanggo Bagus yaiku putrine Pak Dirman. Jenenge Sari, dheweke umure wis ngancik diwasa.
“Mbok Yem?” celukane Bu Sasra marang rewange. Wektu iku Mbok Yem lagi resik-resik omah.
“Dalem Bu, wonten menapa?” wangsulane Mbok Yem karo marani Bu Sasra.
                Nalika Mbok Siyem diceluk Bu Sasra kuwi dheweke angkon mara ing omahe Sari amarga wong tuwane Sari ngirim layang kang isine Sari jaluk gelang treres lan kalung. Biyenne isi layange  wis jaluk jam lan pakeyan. Bu Sasra pengin ngerti sakbenere masalah kuwi. Apa bener Sari sing jaluk. Wong durung dadi apa-apa isih dadi paningset, wis jaluk werna-werna. Kuwi bae durung dadi bojone. Tambah dadi pikiran Pak Sasra lan Bu Sasra. Mbok Siyem cerita yen Pak Derman bapake Sari iku penjudi gedhe. Mbok Siyem ngerti cerita kuwi saka rencang padha rencange. Pak Sasra lan Bu Sasra nalika ngerti critane Mbok Siyem meneng lan ora bisa muni apa-apa. Sing ana pikirane mung kuwi tenan apa ora. 
                Ing omahe, Sari rerembugan karo bapake babagan paningset. Sari kepengin batalke paningset karo Bagus. Sari ora kapenak karo kaluwarga Pak Sasra amarga wis jaluk werna-werna. Pak Derman tetep wae wegah batalke paningsetan anake kuwi. Nalika sore kuwi, Mbok Siyem maring ana omahe Sari amarga entuk pandangon saka Bu Sasra.

Atine Sari wirang tenan, eluh kang tumetes saka mripate.
Ing omahe Sari disawang saka jaba, katon sepi. Gerbange omahe tutupan. Mbok Siyem buka gerbange langsung anuju lawang. Banjur ngetok-ngetok lawang kaya dene tamu. Sari kang bukakake lawange karo kaget. Ora kaya biyasane Mbok Siyem mrene. Mbok Siyem di kongkon mlebu omah lan kon lungguh ana ing kursi sebelahan karo Sari.
“ Den Sari, daleme kok sepi?” pitakone Mbok Siyem karo andelengi sakkubenge omah.
“Bapak teng wingking, ana apa Mbok kok kadingaren mrene. Di utus Bu Sasra apa Mas Bagus?” wangsulane Sari
“ Diutus Bu Sasra Den Sari, mlem Minggu Mas Bagus rak ya dolan mrene ta Den!”
“ Ya mesthi, diutus apa Mbok? Pitakone Sari karo deg-degan atine
                Mbok Siyem menehake layange Bu Sasra sing saka  Pak Derman. Layang dibuka lan diwaca Sari, ujug-ujug Sari nglemprak ana ing ngisor. Kaget karo isi layange kuwi mau. Jebul isi layang kuwi sing nyerat bapake dhewe. Sari isin karo kaluwargane Bagus amarga bapake dhewe kaya ngono.
                Sari ora pernah jaluk apa-apa marang kaluwargane Bagus. Nanging nyatane ana layang kang isine jaluk werna-werna kuwi kaya dene sing jaluk  Sari. Atine Sari wirang tenan, eluh kang tumetes saka mripate. Banjur Mbok Siyem mulih saka omahe Sari lan kon ngomongke Bu Sasra yen Sari lagi wirang tenan.
***

Cerkak "Dhasar Apes Tenan !!!"




W
ayah esuk manuk padha cluit-cluit, pitik padha ngluruk, srengenge sing wis katon padhang. Seger hawa esuk kuwi kagawa anggone aku tangi turu. Ibuku wis masak ana dapur nyiapke sarapan kanggo aku lan bapak. Lajeng biasane bapak esuk-esuk wis menyang ana kebon. Saben esuk pagaweyan ing keluwargaku kaya ngono.
                Wayahe aku nyiapake kanggo sekolah. Sakwise  sarapan aku siap-siap mangkat sekolah. Nanging sadurunge iku aku pamitan karo ibuku.
“Bu, kula budhal riyin nggih, nuwun doa restunipun.” karo ngambung tangan ibu.
“Oh, ya Nduk.”
“Lha bapakmu endi,,,jarene meh ngeterke sekolah yahmene kok durung siap-siap.”
                Memang biasane aku sekolah diterake bapak nganti tekan ngarep sekolahan. Dalan sing dakliwati adoh saka omah. Kira-kira telu kilometeran. Dadine anggonku mangkat saka omah  rada gasik. Tekan tengah dalan ora ngerti asal muasale ban sepedha montor sing daktumpaki nggembos. Aku kepeksa mandheg. Ban mburi diiling-ilingi bapak.
“Duh, tenan ki Nduk. Banne empuk ngene.”
                Sawise diteliti bapak, jebule ban buri gembos, amarga kecocog paku reng. Pranyata pancen bocor. Sepedha montor banjur dituntun. Aku mlaku ana mburine bapak. Aku ngrasakake kesel. Wis mlaku luwih saka siji kilometer ora ana tambal ban. Wis jam pitu anggone montor dak surung. Padha wae jam pitu gerbang sekolahan wis ditutup. Aku wis pasrah.
“Nduk, wis jam pitu ngene nanging durung ketemu tambal ban.” Bapakke ngomong karo anakke.
“Mboten menapa bapak. Kula boten budhal mawon.” Sedhih anggonku mangsuli
Kringet gobyos ing sadalan-dalan ora dak gubris. “Aku kesel nanging isih luwih kesel bapak kang nuntun sepedha montor.” Pikirku.
                Ana sing kandha yen tukang tambal ban iku dununge mlebu gang. Aku karo bapak terus mlaku. Jebul ana tenan.
Alhamdulilah nduk,” karo menggeh-menggeh nafase bapak. Saking adohe anggone nuntun sepedha kang gembos banne.
“Inggih Pak, Alhamdulilah,”

Aku ngrasakake    kesel.Wis mlaku
luwih saka siji
kilometer ora ana
tambal ban.

                Banjur bapak njelaske masalah sepedha montore iku. Bareng ban dibuka ban jero dhedhel dhuwel. Amarga saking ambane, akhire ban iku ora kena ditambal, nanging kudu diganti.
“ Ya wis ora apa-apa, daripadha ora bisa mlaku ya Nduk?” Bapak katon pasrah. Wis lega anggone bapak nuntun sepedha montor, saiki wis ketemu tambal ban. Ananging ora ditambal malah diganti ban anyar.
“Saruju Pak! Bapak leyeh-leyeh riyin kaliyan nengga gantos ban ingkang enggal,” atiku katon mesakke bapak.
                Sarampunge masang ban, aku dijak bapak bali. Limangatus meter, lagi wae mungkur saka tambal ban, ana masalah maneh sepedha montor kang daktumpaki karo bapak. Dalan lekak-lekok sing sepi, kang akeh wit-witan diliwati. Sadurunge tekan omah lagi tekan tengah dalan sepedha montor mogok.
“Wah, ana apa maneh iki, kok mogok?” anggone bapak maturi aku. Sepedha montore ditingali karo bapak kanthi teliti. Jebul bensine entek. Aku ngetutke bapak golek wong sing adol bensin. Isih adoh dalan arep nuju omahku. Dasar apes, meh mangkat sekolah ujunge ora mlebu, lagi tekan dalan kesel mlaku goleki tukang tambal ban lan golek wong sing adol bensin.
* * *

Cerkak "Gethuk Tresna"


U
mur kang wis ngancik remaja, Lina kelas XI ana ing Sekolah Menengah Kejuruan. Sekolahe ing pinggir desa lan adoh saka alun-alun kutha. Saben dinane menyang sekolah Lina mlaku saka omahe nganti tekan sekolah. Nganggo seragam lan nentheng plastik ireng sing isine panganan mesthi digawa Lina maring sekolahan saben dinane. Plastik ireng isine panganan mau dadi sesangonan saka Ibune sadurunge Lina menyang sekolah. Panganan mau digawa lan didol karo kanca-kancane sekolah. Lina ngrumangsani dadi wong ora duwe, ora kaya kanca-kanca liyane. Melu prihatin lan mbiyantu marang ibune. Lina bocah sing bisa dijak prihatin lan dheweke ora minder utawa isin karo kanca-kanca. Senadyan ana siji loro kancane sing moyoki amarga dodolan panganan ing sekolah.
                Wayah Subuh Lina wis tangi anggone turu, wayah semono Lina wis mbiyantu ibune gawe panganan sing arep di gawa sekolah. Ibune gawe panganan gethuk goreng sing dadi dodolane Lina ana ing sekolah. Pohunge ora tuku, ananging golek ana  kebone ing sebelah tengen omahe. Bapake sing ndeplok pohunge, ibu lan Lina sing gawe gethuke lan nggoreng. Saben dinane kaya ngono kuwi sing dadi  gaweyane ing kaluwargane Lina.
                Jam pitu wayahe mlebu sekolah anggone Lina golek ilmu. Wayah ngaso, wayah kang dadi anggone Lina bisa dodolan gethuk goreng sing disangokake ibune. Ora kaya kanca-kancane padha dolanan, Lina ing ngarep kelas dodolan gethuk. Saben dinane Alhamdulillah gethuk sing digawa saka ngomah entek. Gethuk goreng diregani
Gethuk kang nemokake katresnanan marang Eko lan Lina

limang atus rupiyah. Kanca-kancane sing lanang ana sing mesthi moyoki Lina, nanging Lina meneng bae ora gumenni omonganne. Ananging ana kancane lanang sing perhatiyan karo Lina, dheweke jenenge Eko. Saben Lina dodolan wayah ngaso, Eko ngancani Lina dodolan lan tuku gethuk sing digawa Lina. Pancen Eko kuwi bocahe ora tau moyoki Lina. Lina biyasa wae, ora duwe rasa apa-apa marang Eko ya kaya dene kanca liyane.
                        Rasa lan ati ora dinyana, Eko suwe-suwe duwe rasa perhatiyan marang Lina. Ya apa amarga kulina kuwi. Lina ora ngerti yen Eko duwe rasa marang dheweke. Lina karo Eko bedha jurusan. Lina jurusan Tata Busana, Eko jurusan Otomotif. Ananging Eko mesthi tuku gethuke lan ngancani Lina. Gethuk kang enak, mesthi dadi jajanane Eko.
Ing sawijining dina, Eko jaluk nomer handphone sing digawa Lina.  Lina mung meneng anggone Eko jaluk nomer.
“ Lin, aku jaluk nomermu?” pitakone Eko matrang Lina
“ Nomer apa Ko, nomer sepatuku telung puluh pitu?” wangsulane Lina karo mesem
“ Wah, malah ngejak guyon Lina ki. Yo nomer handphone mu to Lin !” Eko karo sithik dongkol.
“ Aku mung duwe nomer siji kok Ko, mosok arep kokjaluk banjur aku gawa nomer apa?” Lina jawabe guyon.
“ Lina ngejak guyon meneh, temenan ki Lin! Pira?” karo meksaLina akhire menehi nomere karo Eko. Saben dina ora ngnati lali, Eko ngirim pesen lewat handphone. Tembung-tembung kaserat tembung kang nandakake perhatiyane Eko marang Lina.  Akhire Lina ya padha krasa yen ana rasa tresna Eko marang Lina. Ananging Lina kaya biyasa yen isih ana sekolahan. Wayah ngaso karo nyambi dodol gethuk isih dilakoni. Ora kaya biyasane Eko ora ngetok ana sekolahan. Banjur, Lina takon karo kanca sakkelase Eko jenenge Lukman jare Eko ijin lara. Lina kaget lan Eko ya ora ngandani. 
                Mulih sekolah Lina banjur mampir ing omahe Eko. Pengen ngerti kaanane Eko. Lina kaya kuwathir banget, apa iki jenenge tresna? Ing pikire Lina. Sakwise tekan omahe Eko, jebul mung lara masuk angin biyasa. Banjur Eko jipuk tangane Lina lan ngungkapke rasa tresna marang dheweke. “Lin, kowe ngerti yen aku.” Eko gawe penasaran Lina
“ Yen aku tresna marang sliramu.” Karo nyawang Lina
                Lina mung bisa meneng lan ora wani nyawang mripate Eko. Ya padha-padha tresna marang Eko. Rasa tresna kaucap manis saka lambene Eko lan Lina. Rasa tresna kuwi teka saka gethuk goreng sing dadi dodolane Lina. Eko Gethuk kang nemokake katresnanan marang Eko lan Lina
* * *