Wangsalan
- Jênang gu1å kowe åjå lali.
(jenang gulå = glali).
- Ngembang garut nggrêmêng ora
karuwan
(kêmbang garut = grêmêng),
- Mbalúng janúr, gêlêma paring
usådå.
(balúng janúr = sådå).
- Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora
kalêgan.
(kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
- Sêkar arèn mas, sampún dangu
kok botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu).
- Kêmbang jambu, kêmaruk duwé
dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
- Roníng mlinjo, sampún sayah
nyuwún ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
- Klåpå mudhå, yèn kalegan
paringa apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
- Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng
olèh rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng).
- Witíng klåpå jawåtå ing
ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar