- Jênang gu1å kowe åjå lali.
(jenang gulå = glali). - Ngembang garut nggrêmêng ora
karuwan
(kêmbang garut = grêmêng), - Mbalúng janúr, gêlêma paring
usådå.
(balúng janúr = sådå). - Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora
kalêgan.
(kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut). - Sêkar arèn mas, sampún dangu
kok botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu). - Kêmbang jambu, kêmaruk duwé
dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk). - Roníng mlinjo, sampún sayah
nyuwún ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso). - Klåpå mudhå, yèn kalegan
paringa apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan) - Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng
olèh rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng). - Witíng klåpå jawåtå ing
ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)
Senin, 22 Desember 2014
Wangsalan
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar