Jumat, 02 Januari 2015

Geguritan "Lila"



Opo uwis ora kelingan....
Sumpah janjimu mung marang aku
Sineksen lintang rembulan
Jarene tresnamu mung kanggo aku
Wis nganti rong sasi...
Nanging sliramu ora kirim warta...
Bareng sak iki wis teka...
Kowe malah gandheng wong liya...
Lila atiku wis lila
Sanadyan batinku kelara-lara
Nanging aku ora kuwowo...
Mergo aku wis kebacut tresna...

Geguritan "Lara"



Kemrungsunge ati gawe lara
Cidra dening rasa tanpa nyata
Ya mung bledeg nepsu
Tanpa dirasa njalari paraga
Ala neng tanda
 Wis dinyana nanging tetep lara
Jalaran tresna raga
Kremi otot uga otak kiwa
Mbumbung duwur menggok, tanpa kanca 
Geneo?
Lara lan mung lara.

Geguritan "Alam Paring Tanda"



Lintang ing duwur katon sumringah
Cetha wela-wela nyengsemake ati
Prasasat nyawang regenging jiwa suci
Saking kersane
Sang Gusti kang ilahi
Ati suci dadi idaman
            Kanthi rasa satuhu dening alam
            Woseng gati kang kelampah
            Dening tanda kang wis lumampah
Duh Gusti Akarya Jagad
Kamuktiku marang-Mu
Tan ana kang nandingi
Maha Agung dening kabeh katresnamu

Geguritan "Kapinginanku"





Nalika tengah wengi
Ing sepining wanci
Aku dongo marang gusti
Supaya aku sesuk bakti negri mring sesami
Kapinginan ku yaiku dadi guru
Guru kang bisa dadi panutan
Guru kang kudu ditiru
Guru...
Pahlawan tanpa nganggo tandha
Lelabuhan kang gedhe

Geguritan "Iki Dhadhaku"



Iki dhadhaku
Dak tampa kanthi swara seru
Kang nyolot ing urat nadhimu
Kepara lara ning ora ana swara

Iki dhadhaku
Kang dioyak wingi nalika semana
Banjur iki diselehna
Ya mung teka lan lunga
Iki dhadhaku
Dudu dhadhamu sing tanpa rasa
Melek neng wuta
Saparan gawe dina cuwa
Apa isih kurang?
Aku lan dhadhaku.

Cerkak "Dalan Tresna"



            Lire urip lumaku tanpa ana sing mangerteni, rena duka wis dadi babagan lumrah tan bisa ana sing ngadang utawa menging, semana uga rasa katreasnan. Kang isa tumeka lan lunga tanpa dinyana. Sawetara ngugemmi apa salahe. 
 “Dhok lel, leren sek olehe nyambut gawe,  kono dhang resek-resek!” suarane mbok marti ngundhang putrane.
“inggih mbok, menika kula rampungake rumien, kantun sekedhik og.”
 “iya wis dang dirampungke, mengko nek mangkat sekolah aja lali sarapan dhisek  ya!”
“inggih mbok”.
            Kaya ngeneki kahananku saben dina, aku leli, anak dhusun Karta Miri kang kudhu berjuang kanthi keras kanggo golek sega lan nyambung urip. Sejatine aku isih sekolah ana ing bangku sma, ananging  sakdurunge mangkat sekolah aku tansah ngewangi si mbokku sing prenggaweane dadi buruh umbah-umbah. ora akeh pancen paulihane, nanging sak orane kuwi bisa dadi dalan nyambung urip.
“Lel wis nggarap pre bu rina sing diutus gawe monolog?” pitakone Wartini mecah lamunanku
“wis war, lha awakmu? Aja muni nek lali durung garap?”
“Waduh lel piye iki aku durung blas, ndek bengi aku nonton film anyar sing digawakake dening masku saka Semarang, lel warai ya aku, lel plisssss?”
            Wartini kuwi kanca raketku, kanca raket sing kaet cilik wis runtang-runtung bebarangan, umure uga ora aduh karo umurku sing mung  kacek rong sasi luwih enom, ning bedhane yan aku anak randa burah umbah-umbah, Wartini kuwi anak lurah dhusun kang disegani tur dheweke uga ayu, mulakna akih kanca-kanca lanang ing sekolahku pada keplincut lan gandrung asmara karo dheweke.
            Salah sawijining dina, kaya adat biasane aku mlaku menyang sekolah kang jarake lumayan adoh saka omahku, nalika kuwi aku rada kawanen amerga sakdurunge budhal aku kudhu ngebarke umbah-umbahan kang ora bisa disambut si Mbok, amerga panjenengane lagi gerah. bis kang biasane tak tumpaki wis ora ana. kanti langkah kemrungsung aku napaki dalan cilik pinggir dalan gedhe, pikiranku wis was-was wedi nek kecer padahal dina kuwi aku ana ujian semester. Dumadakan mak gedebruk, aku tiba kesandung watu sing bregegek gedhe ing sisih kiwane dalan.“astagfirrallh, piye iki sikilku kesleyo ora bisa dienggo mlaku apa meneh iki wis jam 7 luwih.” Sambatku kaucap metu, dumadakan ana tangan kang diulurke ngekei isarat  supaya aku nampani tangan kang di ulurke  kuwi.
“Ati-ati dek, nek mlaku. Sing lara apane?” mripatku sesekali ketemu pandang kara pawongan lanang sing uga nganggo seragam sekolah abu-abu kuwi.
“Inggih mas, menika kula saweg kesusu ananging boten punapa- napa kok” Jawapanku rada dingkluk
 “Lha kok yah mene durung mlebu sekolah? Lha sekolahmu ngendi dek?”
 “Kula saking sma 1 mas, menika kula radi kesiangan dadose kemrungsung kados ngeten niki “ kelekku sing rada isin
 “Oh kebeneran aku ya sma 1, bareng aku wae “ ujare pawongan lanang sing duweni kulit sawo mentah lan praupan ganteng kuwi karo nyandak pite.
 “Lha panjenengan kok nggih kengeng menopo ugi dereng kesah?” pitakonku takwanek-wanekke
 “Aku saka rumah sakit dik, ana perlu sakwetara. Kene dik dang munggah”
            Tanpa kaucap apa-apa saka lambeku, tanganku ditarek lan diungguhke ana goncekan buri, sejatine ana rasa deg-deg ing jero ati nalika kuwi, apa meneh iki kali kapisanan aku digoncekke pawongan lanang, “ ya allah, apa iki sing tak rasa? Apa iki sing diarani love at first sign?” batinku neng jero ati tanpa bisa kaucap, pawongan lanag kuwi tansah ngolai pite saya banter. Ana ing dalan aku ora wani ngajak omong apa-apa, amerga rasa deg-deg ing atiku. Orao kanggo ngomong, takon asmane wae ora bisa kawedar.
            Bubar kedadeyan kuwi, aku bener-bener ora isa nglaleake praupan lanang kang wis tumemplek ing atiku, saya suwe saya jeru kependem. Kaya kapendeme tales sing wis kadung ketumpuk deneng lemah sing saya duwur.