Jumat, 02 Januari 2015

Panatacara Mengeti Maulud Nabi SAW



Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
            Kairing sagunging kaurmatan, tumanduk sagung para alim ulama, para kyai wa bilkhusus dhumateng ngarsanipun Bapak KH. Khanafi, M.Pd ingkang sakmangke badhe paring tausiyah ing pengetan menika, sumrambah sagung kaum muslimin wal muslimah rahimakumullah. Saestu nyuwun agunging pangapunten, kula kepeksa nigas pangandikan sagung para jamaah, inggih awit mundhi dhawuh saking panitia, kinen nglarapaken titilaksana pengetan Maulid Nabi Agung, Nabi Muhamad SAW.
            Puji sokur tansah konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang maha Mirah awit saking rahmat barokah saha inayahipun kita sedaya saged kempal muajah ing majlis taklim menika, mugi-mugi tindak penjenengan sadaya ingkang saestu ikhlas dados amal sae ingkang pikantuk ganjaran tikel-matikel wonten ngarsa dalem Allah SWT. Shalawat saha salam tansah tumanduk dhumateng junjungan kita Nabi Muhamad SAW, mugi safaat tansah lumintu dhumateng para sahabat, langkung-langkung dhumateng umat akhir jaman saha ingkang rawuh ing papan menika.
            Sagung para jama’ah ingkang dipunrahmati Allah, sakderengipun prelu kula aturaken menggah rantaman titilaksana pengetan ing dalu menika :
Sepisan                        : pambuka
Kaping kalih                : waosan kitab suci Al-Qur’anul Karim
Kaping tiga                 : pambagyaharja saking panitia
Kaping sekawan          : mauidhatul khasanah
Kaping gangsal           : panutup
           
Makaten titlaksana ingkang sampun rinakit ing pengetan menika, lan sakderengipun titilaksana menika kalampahan, mangga kita wiwiti kanthi waosan ummulkitab, liridho’i ta’ala wa safaati rosulillah, barokatil Fatikhah....... Mugi-mugi kanthi waosan ummulkitab panuntuning gesang wau, saestu saged rancag pepanggihan dalu menika.
Saklajengipun, ndungkap titilaksana adicara ingkang kaping kalih nun inggih waosan kitab suci Al-Qur’anul Karim ingkang badhe dipunwaos kaliyan Ibu Astiyah. Dhumateng panjenenganipun Ibu Astiyah, kula sumanggaaken.
Saparipurnaning pengetan menika, mbokbilih anggen kula ndherekaken kathah lepat saha kuciwaning tutur, miwah panuntuming ukara ingkang kirang akur, tansah ngandhar-andhar angendhukur, saestu sagung tamu kersaa mbabar wiwaraning aksama. Akhirul kalam billahittaufik wal hidayah, wassalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh.

Panatacara Midodareni



Midodareni ( Pambuka lan Urutan Acara )
Assalamualaikum Wr. Wb
Para sesepuh lan pinisepuh ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang ingkang tansah sinambrama ing pamboja, lan para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dawuhipun pamangku gati nuninggih Bapak Danu sekaliyan keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing adicara midodareni dhaupipun Indah putrinipun Bapak Danu sekaliyan. Kaliyan Dimas Andika priyatmajanipun Bapak Keno sekaliyan saking Larangan.
Kaparenga kula angaturaken reroncen lampah lampahing tata cara pawiwahan ing dalu punika ingkang asasana ing Lamuk amarengi selasa surya kaping 13 warsa masehi.
Menggah reroncening tatacara pawiwahan ing dalu punika nuninggih :
1.      Sepisan pambuka
2.      ingkang angka kalih, praptanipun calon penganten priya ing sasana hargya tumunten kalajengaken pasrah panampining pengantin priya. Badhe katindhakaken dening Bapak Joko, dene panampi mangke badhe katindhakaken dening Bapak Seno.
3.      Purnaning pasrah panampining pengantin priya, tumunten badhe kalajengaken atur pambagyaharja  ingkang badhe katindakaken dening Bapak Aji.
4.      Sakparipurnaning pambagyaharja, kalajengaken kembul bujana.
5.      Adicara ingkang kaping gangsal menika waosan catur wedha dening Bapak Wisnu.
6.      Saksampunipun waosan catur wedha kalajengaken tatacara ingkah pungkasan, nuninggih pamitan dening Bapak Hadi minangka wakil saking rombongan penganten priya.
Makaten para rawuh reroncen lampahing tatacara ing ratri midodareni ing dalu punika. Sumangga panjenengan sedaya kula derekaken maos hamdalah sesarengan. Sumangga nuwun.

Jiwa Jawi Nyakrawati (Gebyar Jawa Mbabar Diri)



Jiwa Jawi nyakrawati, representasi  semangat berbudaya kang tinabur dadi pangarep-arep becik minangka wujud katresnan tumrap budaya Jawa ing sajroning isu-isu global kang satitik baka satitik wiwit ngrogoti eksistensine. Unen-unen kasebut kang dadi tema Gebyar Jawa 2012, adicara  taunan kang uga dilaksanakake kanggo mengeti ambal warsa ingkang kaping papat Jurusan Bahasa lan sastra Jawa Universitas Negeri Semarang (17- 23/12).
Jiwa Jawi Nyakrawati ( jiwa Jawa nguasani nagara) kapilih dadi tema minangka pangajap supaya wong Jawa lan mahasiswa bahasa Jawa khususe, bisa ngadeg jejeg ing pondasi budaya, lair lan mati kanthi  budaya, uga tansah bisa ngumbulake panji-panji  kang dhuweni budaya.
Gebyar Jawa bukan ikonisai pelestarian budaya, karena masih banyak produk diluar sana yang lebih baik. Namun tidaklah salah jika saya mendefinisikan Gebyar Jawa ini sebagai wujud cinta mahasiswa terhadap jurusan dan usaha kecil untuk tetap menjaga eksistensi budaya”. Ujar Erwan J Widyartomo, panitia Gebyar Jawa 2012.
Ketua Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa FBS Unnes Yusro Edy Nugroho wonten ing sambutan maparake yen kegiatan rutin  iki minangka agenda jurusan kang dadi salah sawijining daya dinayan nuwuhake katresnan para kawula mudha babagan  budaya leluhur kang wiwit kegerus majuning jaman.
“Wis wancine para Mudha nyumbangake karyane. Lumantar acara iki, basa Jawa  dudu babagan sing identik karo kuna lan katinggalan jaman, kabukti mawi festival kesenian drama Jawa iki,” ngendikane panjenengane.
Holobis kontul baris ayo rapetake barisan, bareng-bareng hamemayu hayuning bawana!  cuplikan dialog kang digawakake dening para aktor SMA N 1 Klirong, Kabupaten Kebumen,  salah sawijing peserta Festival Drama Berbahasa Jawa Tingkat SMA Se-Jawa Tengah nalika mamerake bakat treatikale ing gedhung B1 Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang Sabtu (22/12).

            Peserta Festival Drama Berbahasa Jawa Tingkat SMA Se-Jawa Tengah iki  cacahe ana 8 kelompok saka siswa sekolah menengah atas (SMA) lan sekolah menengah kejuruan (SMK) ing Jawa Tengah. Para peserta melu nyengkuyung lan nunjukake kaprigelan mainake seni peran kanthi visualisasi kang dikemas apik dening kritik-kritik nganani realitas  sosial masyarakat. Sekolah-sekolah kasebut yaiku antarane SMA 1 Ungaran, SMA 2 Ungaran, SMA PGRI Kendal, dan SMA Klirong. Selain itu SMA 12 Semarang, SMA 7 Surakarta, SMK 2 Semarang, dan SMA PMS Kendal. Dene  juri festival yaiku seniman teater Sosiawan Leak, Kahar Dwi Prihantono  (Balai Bahasa Semarang), lan dosen teater Jurusan Bahasa Indonesia FBS Unnes Sendang Mulyana.
            Festival drama basa Jawa iki mung siji saka rentetan agenda gebyar Jawa. Sadurunge wus dilaksanakake pisowanan ageng, kirab budaya, pemilihan duta sinjang BSJ 2012, lomba ngripta cakepan tembang macapat lan geguritan uga sarasehan eksistensi budaya Jawa sing disambut antusias gedhe dening para mahasiswa lan uga saperangan masyarakat umum kang isih ngugemi budaya Jawa.
            Saka suksese acara Gebyar Jawa kasebut kaselip donga lan pangajab muga-muga tetep ana semangat “Jiwa Jawa Nyakrawati”, semangat sing bakal njaga nilai-nilai adiluhung saka para sesepuh Jawa, lan banjur disengkuyung bebarengan awit kabeh kabudayan kuwi dharbeke dhewe.

Geguritan "Lagon Ati"



Kudhungmu tandha katresnamu
Lirih lan semu biru
Carita kekarepan wohing guyu
Pijer lenggah, dhiluk, lan meneng neng ora kaku

Kudhungmu tandha temene atimu
Ngrasakake ruh ngrogoh sukma
Kang dumadi saka sukma langgeng lan wicara
Mlebu metu kanthi tata
Sanajan kebak tangis tanpa swara
Tentrem lan adhem
Lumaku tanpa kanca sedina-dina
Ing raimu
Suminar putih isih dadi lagonmu

Geguritan "Ricikan Swaramu"



Yen ta pancen swara iku swara-Mu
Bengi iki, satitik wae aku bisa kaprungu
Reronceneneng kaendran ing Jambudwipa
Rintik alus sakiwane dhadha
 Tansah bisa kewaca
Dadi piweling saking kuwasa
           
Yen ta swara iki gendhing-Mu
Satitik wae, keparenga kanggoku merem ngrasa
Bangetting endah pratandamu
Mring ricikan slendro andangu
Piwulang luhur  saka satemah pijer wengi
Ngandut isi kebak donga
Kalantun mungguh kamulya.

Geguritan "Kidung Pangarep-arep"



Ngadeg jejeg ing punjering wengi
Ngematke sri tanjung
Sayup-sayuping lintang
Mega kang ora tau kari nyawang
Ing reroncening kidung kang kumandhang

Oh Sang Hyang Widhi
Sang Hyang lelenaning jagad
Paringana panglipur
Dening cuwa kang ngebaki
Tan saya nyupadani ati

Boreh pangarep-arep
Pria kang ditresnani
Ngumbara lan ngabekti
Mring nagara lan luhuring pakerti