Jumat, 12 Desember 2014

Geguritan "Bonbin"


Jembar gumelar, kinemulan suket tinata apik
Warna-warna kewan ana ing bonbin                       
Kewan liar uga kewan jinak
Embun esuk tumetes baka siji
Aweh pepuji marang wong kang ngrumati kewan-kewan iku
Pranyata….
Akeh wong sing padha dolan marang bonbin
Andelengi wena-wernaning kewan
Wong kang rawuh padha playon
Wong kang rawuh padha gegojegan
Wong kang rawuh bisa ngguwang sumpeging
ati bebareng

Cerkak "Pengging"


 
W
is dadi rencana, wayah preinan sekolah Lia karo kanca-kancane padha arep dolan. Wis seminggu Lia ujian Semester. Banjur Minggu ngarepe wis prei. Wis padha lega, tinggal jipuk rapote. Lia karo kanca-kancane sekolah arep nglaksanaake rencana dolan kuwi. Nanging, dheweke durung ngerti arep dolan ana ngendi. Sore kuwi Rita, Dewi, Santi, Sari, Koko, Roni, lan Bagas dolan ana omahe Lia.
                Sore kuwi Lia lagi ngiwangi Ibune masak ing pawon. Dadi, ora krungu yen diceluki karo kanca-kancane. Kabeh kuwi kanca cedhake Lia. Rita karo Dewi ngalahi mlebu ana ngomahe. Banjur Lia nemoni kanca-kancane, lan dikongkon mlebu kabeh ing ruwang tamu. Dolane mau ana tujuan arep bahas babagan dolan kuwi mau.
“Piye ki enake arep dolan ing ngendi, iki kan wis wayah prei sekolah!” Pitakone Dewi marang kanca-kancane
“Lha arep dolan ana ing dhaerah kene wae, apa ngendi?” Wangsulane Koko karo ngei pitakon maneh
“Pengging yo, dhaerah  Boyolali, gelem ora?” Wangsulane Lia
“Wah, adoh ya?” Pendapate Rita
                Akhire kanca-kanca padha sarujuk  karo rencana liburan ing Pengging dhaerah Boyolali kono. Rasane selak pengin dolan mrana. Lia duwe informasi kuwi saka kancane. Jarene Pengging kuwi kolam renang.
                Minggu ngarepe, Lia lan kanca-kancane kae wis padha siap mangkat ing Pegging dhaerah Boyolali. Esuk-esuk padha kumpul ing omahe Lia. Banjur menyange mrana dheweke padha montoran. Alon-alon neng dalan iku sig paling utama. Durung ngerti arah dalane ing Penggig, banjur takon-takon karo wong dhaerah kono.
                Kira-kira jam wolu Alhamdulillah wis tekan kana. Banjur mlebune sak wong rong ewu. Rasane selak pengin jegur ana kolam. Beda tenan kolam renang ing Pengging karo kolam renang biasa. Ing Pengging kolame ora jerone ora keramikan nanging watu-watu. Ana mitos jarene yen jegur ing kolam kuwi bisa awet nom. Ora mung cah nom bae sing jegur, ananging cilik, gedhe tuwa padha jegur. Koko cepet-cepet jegur ana ing kolam. Malah disenenni petugas penjagane amarga mlebune durung bayar. Isin baget rasane diseneni. Sujokna kanca-kanca liyane durung jegur lan isih antre bayar karcis. Karcise sak wonge mung bayar sewu. Dadine wolung ewu kanggo cah wolu.
            Ana mitos   jarene yen jegu ing     kolam kuwi bisa   awet nom.
                Banjur, padha ganti pakeyan sing kanggo jegur. Dewi karo Sari langsung jegur ing kolam, padha kelelep banyu amarga kolame kuwi jerone rong meter. Dheweke langsung ditulung karo penjagane kono. Pancen dhasare Dewi karo Sari durung bisa renang. Jebul ana kolam sing jerone sak meter setengah. Sing wadon maring kolam sing luwih cethek saka kolam rong meter mau. Nanging bayar karcis meneh sewu. Cah lanang-lanang padha jegur ing kolam sing jerone rong meter. Rasane padha seneng banget. Jeguran marakke weteng ngelih. Wis suwe anggone padha jegur, banjur ganti pakean sing ora teles. Weteng wis padha ngeleh, banjur padha arep mangan. Ing Pengging kono mau ya ana kolam pemancingan lan lesehan kanggo mangan.  Sisan pesen panganan ing kono. Bibar mangan rasane wis padha wareg. Banjur langsung mulih Preinan ing Pengging karo kanca-kanca wis padha klakon. Rasanne seneng banget sanadyan awake kesel amarga perjalanane adoh.
* * *

Cerkak "Apa Sing Ora Bisa"


 A
ku lulus Sekolah Menengah Kejuruan (SMK)  jurusan TKJ taun 2011. Aku  bingung arep kuliyah apa kerja. Pengene arep kuliyah, nanging ana kendalane. Yo, mung siji, kendalane masalah biaya. Kaya paribasan jer basuki mawa bea sing artine apa-apa kuwi kabeh nganggo biaya. Wektu semana, aku pancen pengen banget kuliyah piye maneh, wong tuwaku ora sanggup nguliyahke.
                Nalika durung lulus, sakwise Ujian semester ganjil. Sekolah maringi info yen arep ana SNMPTN. Info kuwi dadiake semangat aku. Kanca-kancaku padha dukung yen aku melu SNMPTN. Wektu kuwi lagi pendaftaran sing undangan. Aku cepet-cepet ngumpulake berkas sing meh nggo daftar. Nanging aku daftare sing beasiswa Bidikmisi Unnes. Syarate akeh banget, saka rapot semester siji nganti semester lima,  biodata diri, surat tidak mampu saka kelurahan, gaji, rekening listrik.  Aku mikir “Piye carane entuk syarat-syarate iku”. Akhire  wis entuk kabeh syarate pendaftarane. Tak kumpulke marang Mas Ikhwan. Dheweke sing ngurusi pendaftarane. Sing daftar  bocah limalasan. Nanging Mas Ikhwan daftarkene pas batas akhir pendaftaran. Amarga ngenteni sing durung lengkap berkase. Ndilalah wis ora bisa daftar. Aku lan kanca-kanca kaciwa banget nalika ngerti kabar kaya ngono.

Alhamdulilahaku   lulus !” hore,   hore,    hore!   jingklak.

                Semester ganjil wis liwat, wayah semana wis konsen marang ujian. Sinau lan  donga takmempengi. Pasa Senen Kemis ora tak tinggalke. Tirakat temenan. Detik-detik arep UAN, aku usaha mati-matian. Nanging aku durung mikir hasile. Sing penting usaha mempeng, hasile Gusti ingkang nemtoake. Ujian sekolah, ujian praktek wis dak lakoni. Tanggal 26 Mei 2011 dina sing bahagiake sing bakal ora tak laliake ngono wae. Tanggal kuwi pengumuman lulus opo orane. Tapi aku yakin wae, yen aku lulus. Atiku saya deg-degan nungggu pak pos teka neng omahku kang ngirimi layang pengumuman kelulusan. Kancaku  jeneng Farid wis SMS, ‘’Ka, piye lulus ora?” aku tambah deg-degan, “Durung ngerti, iki wae pak pos durung mrene, la kowe piye?” aku mung bales SMSe singkat ngono kuwi. Nunggu balesan saka Farid. Krungu saka jero omah.
“kula nuwun. Menika daleme Ika Setiyawati saking SMK NU Ungaran?”
“mangga, nggih niki daleme Ika Setiyawati”
                 Ibuku sing bukake lawang omah. Banjur aku nututi ibuku maring ngarep. Jebule Pak pos, aku selak pengin apa isi saka layang kuwi. Layang kuwi diwenehke marang aku. Nanging kudu tanda tangan dhisik kanggo bukti yen layang kelulusan wis ditampa. Bubar kuwi layang kelulusan sing diterke Pak pos mau cepet-cepet tak buka. “bismillahirohmanirrohim,” tulisan ana ing jero layang iku jeneng Ika Setiyawati  lulus. “Alhamdulilah, aku lulus !” hore, hore, hore! karo jingklak-jingklak.
                Bungah banget atiku, ibuku uga seneng. Banjur aku sujud syukur marang Gusti. Isine layang kelulusan mau ana tulisan lulus karo dicantumke nilai ujian. Jumlah nilai ujianku 34,5 dadi rata-ratane 8,6 saka papat mata pelajaran yaiku Bahasa Indonesia, Bahasa Inggris, Matematika lan Ujian Kejuruan TKJ (Teknik Komputer dan Jaringan). Pokoke aku ora mikir nilai ujianku pira, sing penting aku bisa lulus.
                Bakda Duhur, aku kumpul karo kanca-kancaku ing omahe salah sijine kancaku jenenge Septi ing Kalirejo. Karo nunggu kanca-kanca sing durung ngumpul, bahas tuku pilog kanggo orek-orekan. Wis padha kumpul kabeh, dijaluki iuran limangewunan. Padha kompak nganggo seragam putih abu-abu. Banjur padha ngorek-orek tanda tangan antarane bocah siji karo liyane nganggo spidol ing seragam lan pilog-pilogan.
                Bareng-bareng motoran menyang Gedong Sanga Bandungan kono. Lagi mangkat bae ing dalan wis ketemu karo bocah SMA liyane. Akhire gabung dadi siji, bareng-bareng maring ing Gedong Sanga. Kenal ora kenal pokoke ngrayaake kelulusan iki. Nembe tekan dalan nuju mrana, malah udan deres banget. Nanging saking senenge padha nekat udan-udanan. Nganti teles kebes, metitilen awaku. Seneng banget rasane, campur dadi siji saka SMA liyane. Wis munggah tekan Gedong Sanga.  Padha orek-orekan nganggo pilog. Ora dinyana mobil polisi munggah, kabeh bocah sing orek-orekan diopyak-opyak midun.
                Bocah sing saka SMK Sudirman Ungaran dawane kabeh di kebaki bocah lulusan. Aku karo rombongan kanca-kancaku mau blabas bali ing Ungaran. Sakwise udan-udanan, wetenge rasane ngelih banget. Mampir ana ing Alun-alun mini Ungaran biasane akeh wong sing ngomong  Asmara. Mampir ana ing salah siji warung sega kucing ana kono. Kanca-kancaku padha pesen wedhang teh panas lan padha jipuk bungkusan sega kucing. Mangan bareng-bareng rasane nikmat banget.
Surya wis mlingsep, wis krungu kenthong magrib. Aku bali ndisik, selak katisen. Aku pamitan karo kanca-kanca.
“Aku bali disik ya, ayo kabeh.”
“Ya.….ati-ati ing dalan.”
Oke. Assalamualikum.” Karo nge-gaske motor
“Waalaikumsalam.”
                Bali-bali, seragamku wis ora kaya seragam. Reget tulisan-tulisan karo pilog. Saka kudung nganti rok rupane reged banget. Isya lagi tekan omah. Kesel nanging seru.
                Aku ora nglaliake kepengenanku yaiku kuliyah. Bulan Juni aku melu SNMPTN Tulis ana Unnes nanging jalur bidikmisi. Registrasi wis rampung, banjur tes tulis. Aku tes tulis ing Undip Tembalang amarga aku jupuk IPS. Jupuk pilihan jurusan Sastra Jawa lan Manejemen. Pokoke aku teka garap soal-soal ujian kuwi. Iso ora iso kudu tak garap.
                Pengumuman SNMPTN isih sesasi maneh. Daripada aku ana ing omah, aku golek kerja opo anane.  Akhir aku entuk kerja melu wong Cina ing toko swalayan, panggonane ana ing pasar Ungaran. Tak rewangi mamgkat esuk jam pitu esuk nganti  jam sanga wengi golek dhuwit, bayarane ora mung sepiraa. Sedina itungane limalas ewu kuwi isih gaji kotor. Nanging kuwi kanggo pengalaman. ngerti rekasane golek dhuwit. Ora krasa arep sesasi kerja ana kana. Pengumuman arep cedhak. Alhamdulilah aku ketrima ing Unnes jurusan Sastra Jawa. Aku durung ngerti karo jurusan iki. Tapi aku seneng banget yen wis ketrima. Nanging aku tercantum  bidikmisi sing cadangan. Tambah bigung, mamang. Kuwi wae, aku durung yakin yen arep kuliyah yen bidikmisine cadangan.
                Wektu kuwi tanggal pitulas Agustus, upacara mangeti kemerdekaan Indonesia lan sekaligus pembukaan mahasiswa baru tahun 2011 ing lapangan FIK Unnes nganggo seragam hitam putih. Aku kaya ngambang, wis pesimis masalah bidikmisi. Ing sela-sela ature Pak Rektor dibuka gelombang telu bidikmisi. Otomatis bidikmisi cadangan wis positif. Aku lega banget. Upama ora dibukak bidikmisi gelombang telu, aku isih tercantum gelombang cadagan. Aku wis ora bisa kuliyah ana kene. Ora ana biaya sing tak kanggo kuliyah. Alhamdulilah saiki aku bisa kuliyah ana ing Unnes iki.
* * *

Cerkak "Pit Anyar"


 
A
ku isih kelas lima SD. Sekolahan panggonane ana ing desaku dhewe. Malah lumayan cedhak karo omahku, kira-kira setengah jam anggone mlaku wis tekan. Aku kepingin pit sing bisa kanggo dolan, mangkat sekolah  kepingin kaya kanca-kanca. Banjur aku nyoba matur marang ibu lan bapak.
“ Pak, Bu, kula kepingin pit anyar?”
“ Dhuwit saka endi ta Nang, meh kanggo apa?” Wangsulane bapak. Ibu naming meneng.
“Kangge budhal sekolah lan kangge dolan, kula sok kepengin kanca-kanca” karo jepraput lambene. Soale kepengin banget pit.
“Ngene wae ya, kelas lima iki kudu kowe duwe ranking minimal 3 besar ana ing kelas, mengko dak tumbaske pit” Ibune karo bapakke njaluk kaya dene syarat.
                Wong tuwaku maringi aku syarat kaya ngono, karepe ngen aku dadi bocah pinter, sing bisa bahagiake wong tuwa.
                Mangkono sing gawe semangat aku. Saben dina aku mesthi kelingan ature bapak ibu. Kudu lan kudu duwe ranking 3 besar. Saiki anggonku sinau ana sekolah utawa ana ngomah luwih sregep tinimbang dhek biyen. Ana PR saka pak guru bu guru mesti tak garap ora ketung salah anggonku garap.

Saiki klakon aku duwe pit anyar kaya kanca-kancaku.
                Wis arep Semester II sedhelok ngkas arep tes. Dolanku wis mulai tak kurangi. Sinauku ana omah dhisike mung sakjam saiki rong jam. Sadurunge sinau bengi, bubar solat Magrib, dak teruske ngaji. Banjur sinau. Nalika wayah esuk bubar Subuhan dakbiasake sinau sedhelok. Ora adoh karepku, aku tetep nyuwun berkahipun saking Gusti Allah. Lan usahaku kudu tenanan. Masalah hasil kuwi panduming Gusti.
                Seminggu, Tes Semester II wis rampung, tinggal nunggu tampa raport. Atiku wis lega. Ananging atiku ngrasa dheg-dhegan masalah isi raporte kuwi. Wedi yen bijiku ana sing abang. Apa maneh wis nguciwake wong tuwa.
                Sawijining wektu, wis wayahe tampa rapot. Rapotku dijupuke ibuku. Wong bapakku ora bisa jipuke amarga nyambut damel. Nalika wali murid wis padha teka maring kelase. Aku ngrasa dheg-dhegan banget. Akhire diumumke karo wali kelas sing entuk ranking siji nganti telu.
“Ibu-ibu, Bapak-bapak, sugeng enjing, matur nuwun rawuhipun panjenengan anggene mendhetaken rapote putra-putrinipun panjenengan sedaya. Inggih naming ngumumaken ingkang angsal ranking setunggal ngantos tiga, nyuwun tulung mangke ngajeng. Rengking setunggal  Riana anindya, rengking kalih Bagus Wicaksana, rengking tiga  Suci Wardani. sumangga kula aturi wali murid ngajeng.”
                Ibuku katon bungah banget, alhamdulilh usahaku ora sia-sia. Banjur ibu wis nerima rapote lajeng diweruhke neng aku. Ora apa-apa entuk ranking loro. Alhamdulilah aku bisa munggah kelas enem. Aku diparingi selamat lan di ambung ibuku. Katon bahagia sanget. Wayah wis sore anggone bapakku nyambut gawe wis bali. Ibuku banjur ngomong yen anake Bagus entuk rengking loro sakelase. Bapakke katon bungah banget krungu kabar kaya ngono mau. Janjine arep nukoake pit anyar arep ditebus.
“Gus, selamat ya. Bapak arep nepati janji, arep tak tukoake pit anyar.”
“Nggih , Pak. Maturnuwun. Kapan ditumbaske?”
“Mengko bengi ya Gus.” Katon sumringah banget.
                Saiki klakon aku duwe pit anyar kaya kanca-kancaku. Pit anyar arep tak rawat terus, aja nganti rusak. Saiki aku kudu luwih apik ketimbang hasile saiki. Gawe luwih bahagianing wong tuwaku lan aku dhewe.
* * *