Jumat, 12 Desember 2014

Cerkak "Apa Sing Ora Bisa"


 A
ku lulus Sekolah Menengah Kejuruan (SMK)  jurusan TKJ taun 2011. Aku  bingung arep kuliyah apa kerja. Pengene arep kuliyah, nanging ana kendalane. Yo, mung siji, kendalane masalah biaya. Kaya paribasan jer basuki mawa bea sing artine apa-apa kuwi kabeh nganggo biaya. Wektu semana, aku pancen pengen banget kuliyah piye maneh, wong tuwaku ora sanggup nguliyahke.
                Nalika durung lulus, sakwise Ujian semester ganjil. Sekolah maringi info yen arep ana SNMPTN. Info kuwi dadiake semangat aku. Kanca-kancaku padha dukung yen aku melu SNMPTN. Wektu kuwi lagi pendaftaran sing undangan. Aku cepet-cepet ngumpulake berkas sing meh nggo daftar. Nanging aku daftare sing beasiswa Bidikmisi Unnes. Syarate akeh banget, saka rapot semester siji nganti semester lima,  biodata diri, surat tidak mampu saka kelurahan, gaji, rekening listrik.  Aku mikir “Piye carane entuk syarat-syarate iku”. Akhire  wis entuk kabeh syarate pendaftarane. Tak kumpulke marang Mas Ikhwan. Dheweke sing ngurusi pendaftarane. Sing daftar  bocah limalasan. Nanging Mas Ikhwan daftarkene pas batas akhir pendaftaran. Amarga ngenteni sing durung lengkap berkase. Ndilalah wis ora bisa daftar. Aku lan kanca-kanca kaciwa banget nalika ngerti kabar kaya ngono.

Alhamdulilahaku   lulus !” hore,   hore,    hore!   jingklak.

                Semester ganjil wis liwat, wayah semana wis konsen marang ujian. Sinau lan  donga takmempengi. Pasa Senen Kemis ora tak tinggalke. Tirakat temenan. Detik-detik arep UAN, aku usaha mati-matian. Nanging aku durung mikir hasile. Sing penting usaha mempeng, hasile Gusti ingkang nemtoake. Ujian sekolah, ujian praktek wis dak lakoni. Tanggal 26 Mei 2011 dina sing bahagiake sing bakal ora tak laliake ngono wae. Tanggal kuwi pengumuman lulus opo orane. Tapi aku yakin wae, yen aku lulus. Atiku saya deg-degan nungggu pak pos teka neng omahku kang ngirimi layang pengumuman kelulusan. Kancaku  jeneng Farid wis SMS, ‘’Ka, piye lulus ora?” aku tambah deg-degan, “Durung ngerti, iki wae pak pos durung mrene, la kowe piye?” aku mung bales SMSe singkat ngono kuwi. Nunggu balesan saka Farid. Krungu saka jero omah.
“kula nuwun. Menika daleme Ika Setiyawati saking SMK NU Ungaran?”
“mangga, nggih niki daleme Ika Setiyawati”
                 Ibuku sing bukake lawang omah. Banjur aku nututi ibuku maring ngarep. Jebule Pak pos, aku selak pengin apa isi saka layang kuwi. Layang kuwi diwenehke marang aku. Nanging kudu tanda tangan dhisik kanggo bukti yen layang kelulusan wis ditampa. Bubar kuwi layang kelulusan sing diterke Pak pos mau cepet-cepet tak buka. “bismillahirohmanirrohim,” tulisan ana ing jero layang iku jeneng Ika Setiyawati  lulus. “Alhamdulilah, aku lulus !” hore, hore, hore! karo jingklak-jingklak.
                Bungah banget atiku, ibuku uga seneng. Banjur aku sujud syukur marang Gusti. Isine layang kelulusan mau ana tulisan lulus karo dicantumke nilai ujian. Jumlah nilai ujianku 34,5 dadi rata-ratane 8,6 saka papat mata pelajaran yaiku Bahasa Indonesia, Bahasa Inggris, Matematika lan Ujian Kejuruan TKJ (Teknik Komputer dan Jaringan). Pokoke aku ora mikir nilai ujianku pira, sing penting aku bisa lulus.
                Bakda Duhur, aku kumpul karo kanca-kancaku ing omahe salah sijine kancaku jenenge Septi ing Kalirejo. Karo nunggu kanca-kanca sing durung ngumpul, bahas tuku pilog kanggo orek-orekan. Wis padha kumpul kabeh, dijaluki iuran limangewunan. Padha kompak nganggo seragam putih abu-abu. Banjur padha ngorek-orek tanda tangan antarane bocah siji karo liyane nganggo spidol ing seragam lan pilog-pilogan.
                Bareng-bareng motoran menyang Gedong Sanga Bandungan kono. Lagi mangkat bae ing dalan wis ketemu karo bocah SMA liyane. Akhire gabung dadi siji, bareng-bareng maring ing Gedong Sanga. Kenal ora kenal pokoke ngrayaake kelulusan iki. Nembe tekan dalan nuju mrana, malah udan deres banget. Nanging saking senenge padha nekat udan-udanan. Nganti teles kebes, metitilen awaku. Seneng banget rasane, campur dadi siji saka SMA liyane. Wis munggah tekan Gedong Sanga.  Padha orek-orekan nganggo pilog. Ora dinyana mobil polisi munggah, kabeh bocah sing orek-orekan diopyak-opyak midun.
                Bocah sing saka SMK Sudirman Ungaran dawane kabeh di kebaki bocah lulusan. Aku karo rombongan kanca-kancaku mau blabas bali ing Ungaran. Sakwise udan-udanan, wetenge rasane ngelih banget. Mampir ana ing Alun-alun mini Ungaran biasane akeh wong sing ngomong  Asmara. Mampir ana ing salah siji warung sega kucing ana kono. Kanca-kancaku padha pesen wedhang teh panas lan padha jipuk bungkusan sega kucing. Mangan bareng-bareng rasane nikmat banget.
Surya wis mlingsep, wis krungu kenthong magrib. Aku bali ndisik, selak katisen. Aku pamitan karo kanca-kanca.
“Aku bali disik ya, ayo kabeh.”
“Ya.….ati-ati ing dalan.”
Oke. Assalamualikum.” Karo nge-gaske motor
“Waalaikumsalam.”
                Bali-bali, seragamku wis ora kaya seragam. Reget tulisan-tulisan karo pilog. Saka kudung nganti rok rupane reged banget. Isya lagi tekan omah. Kesel nanging seru.
                Aku ora nglaliake kepengenanku yaiku kuliyah. Bulan Juni aku melu SNMPTN Tulis ana Unnes nanging jalur bidikmisi. Registrasi wis rampung, banjur tes tulis. Aku tes tulis ing Undip Tembalang amarga aku jupuk IPS. Jupuk pilihan jurusan Sastra Jawa lan Manejemen. Pokoke aku teka garap soal-soal ujian kuwi. Iso ora iso kudu tak garap.
                Pengumuman SNMPTN isih sesasi maneh. Daripada aku ana ing omah, aku golek kerja opo anane.  Akhir aku entuk kerja melu wong Cina ing toko swalayan, panggonane ana ing pasar Ungaran. Tak rewangi mamgkat esuk jam pitu esuk nganti  jam sanga wengi golek dhuwit, bayarane ora mung sepiraa. Sedina itungane limalas ewu kuwi isih gaji kotor. Nanging kuwi kanggo pengalaman. ngerti rekasane golek dhuwit. Ora krasa arep sesasi kerja ana kana. Pengumuman arep cedhak. Alhamdulilah aku ketrima ing Unnes jurusan Sastra Jawa. Aku durung ngerti karo jurusan iki. Tapi aku seneng banget yen wis ketrima. Nanging aku tercantum  bidikmisi sing cadangan. Tambah bigung, mamang. Kuwi wae, aku durung yakin yen arep kuliyah yen bidikmisine cadangan.
                Wektu kuwi tanggal pitulas Agustus, upacara mangeti kemerdekaan Indonesia lan sekaligus pembukaan mahasiswa baru tahun 2011 ing lapangan FIK Unnes nganggo seragam hitam putih. Aku kaya ngambang, wis pesimis masalah bidikmisi. Ing sela-sela ature Pak Rektor dibuka gelombang telu bidikmisi. Otomatis bidikmisi cadangan wis positif. Aku lega banget. Upama ora dibukak bidikmisi gelombang telu, aku isih tercantum gelombang cadagan. Aku wis ora bisa kuliyah ana kene. Ora ana biaya sing tak kanggo kuliyah. Alhamdulilah saiki aku bisa kuliyah ana ing Unnes iki.
* * *

Tidak ada komentar:

Posting Komentar