U
|
mur kang wis ngancik remaja, Lina kelas XI ana ing
Sekolah Menengah Kejuruan. Sekolahe ing pinggir desa lan adoh saka alun-alun
kutha. Saben dinane menyang sekolah Lina mlaku saka omahe nganti tekan sekolah.
Nganggo seragam lan nentheng plastik ireng sing isine panganan mesthi digawa
Lina maring sekolahan saben dinane. Plastik ireng isine panganan mau dadi
sesangonan saka Ibune sadurunge Lina menyang sekolah. Panganan mau digawa lan
didol karo kanca-kancane sekolah. Lina ngrumangsani dadi wong ora duwe, ora
kaya kanca-kanca liyane. Melu prihatin lan mbiyantu marang ibune. Lina bocah
sing bisa dijak prihatin lan dheweke ora minder utawa isin karo kanca-kanca.
Senadyan ana siji loro kancane sing moyoki amarga dodolan panganan ing sekolah.
Wayah
Subuh Lina wis tangi anggone turu, wayah semono Lina wis mbiyantu ibune gawe
panganan sing arep di gawa sekolah. Ibune gawe panganan gethuk goreng sing dadi
dodolane Lina ana ing sekolah. Pohunge ora tuku, ananging golek ana kebone ing sebelah tengen omahe. Bapake sing
ndeplok pohunge, ibu lan Lina sing gawe gethuke lan nggoreng. Saben dinane kaya
ngono kuwi sing dadi gaweyane ing
kaluwargane Lina.
Jam
pitu wayahe mlebu sekolah anggone Lina golek ilmu. Wayah ngaso, wayah kang dadi
anggone Lina bisa dodolan gethuk goreng sing disangokake ibune. Ora kaya kanca-kancane padha
dolanan, Lina ing ngarep kelas dodolan gethuk. Saben dinane Alhamdulillah gethuk sing digawa saka
ngomah entek. Gethuk goreng diregani
Gethuk
kang nemokake katresnanan marang Eko lan Lina
|
Rasa lan ati ora
dinyana, Eko suwe-suwe duwe rasa perhatiyan marang Lina. Ya apa amarga kulina
kuwi. Lina ora ngerti yen Eko duwe rasa marang dheweke. Lina karo
Eko bedha jurusan. Lina jurusan Tata Busana, Eko jurusan Otomotif. Ananging Eko
mesthi tuku gethuke lan ngancani Lina. Gethuk kang enak, mesthi dadi jajanane
Eko.
Ing sawijining dina, Eko jaluk nomer handphone sing digawa Lina. Lina mung meneng anggone Eko jaluk nomer.
“ Lin, aku jaluk nomermu?” pitakone Eko matrang Lina
“ Nomer apa Ko, nomer sepatuku telung puluh pitu?”
wangsulane Lina karo mesem
“ Wah, malah ngejak guyon Lina ki. Yo nomer handphone mu to Lin !” Eko karo sithik
dongkol.
“ Aku mung duwe nomer siji kok Ko, mosok arep kokjaluk
banjur aku gawa nomer apa?” Lina jawabe guyon.
“ Lina ngejak guyon meneh, temenan ki Lin! Pira?” karo
meksaLina akhire menehi nomere karo Eko. Saben dina ora ngnati lali, Eko ngirim
pesen lewat handphone. Tembung-tembung
kaserat tembung kang nandakake perhatiyane Eko marang Lina. Akhire Lina ya padha krasa yen ana rasa
tresna Eko marang Lina. Ananging Lina kaya biyasa yen isih ana sekolahan. Wayah
ngaso karo nyambi dodol gethuk isih dilakoni. Ora kaya biyasane Eko ora ngetok
ana sekolahan. Banjur, Lina takon karo kanca sakkelase Eko jenenge Lukman jare
Eko ijin lara. Lina kaget lan Eko ya ora ngandani.
Mulih
sekolah Lina banjur mampir ing omahe Eko. Pengen ngerti kaanane Eko. Lina kaya
kuwathir banget, apa iki jenenge tresna? Ing pikire Lina. Sakwise tekan omahe
Eko, jebul mung lara masuk angin biyasa. Banjur Eko jipuk tangane Lina lan ngungkapke
rasa tresna marang dheweke. “Lin, kowe ngerti yen aku.” Eko gawe penasaran Lina
“ Yen aku tresna marang sliramu.” Karo nyawang Lina
Lina
mung bisa meneng lan ora wani nyawang mripate Eko. Ya padha-padha tresna marang
Eko. Rasa tresna kaucap manis saka lambene Eko lan Lina. Rasa tresna kuwi teka
saka gethuk goreng sing dadi dodolane Lina. Eko Gethuk kang nemokake
katresnanan marang Eko lan Lina
* * *
Tidak ada komentar:
Posting Komentar