Rabu, 10 Desember 2014

Cerkak "Larane Atiku"



Dina iki aku labuh mlebu sekolah sawise semunggu aku MOS, aku bungah banget isa mlebu SMP Pelita kuwi. Wektu aku lagi sinau bahasa Indonesia aku dikengken nggawe Puisi, aku piye ngerjanane, merga aku ugi durung ngerti. Dadine aku njaluk tulung marang sedulurku. Wektu aku balik ngumah, aku mampir ndisik marang omahe sedulurku malahan sedulurku kuwi lagi lunga. Banjur aku dikongkon wong tuane sedulurku mengko mrene wengi wae. Sakwise kuwi aku wengine marang omahe sedulurku maneh. Sawise aku tekan omahe sedulurku, sedulurku kuwi lagi karo kancane, banjur aku langsung mrana ning sedulurku.
“mas ngapunten, kula badhe nyuwun tulung angsal mbten mas?” ucape aku
“njaluk ulung apa Nduk ?”
“njaluk tulung diwarahi damel puisi.”
“yo, enteni dela ya.”
Wektu aku lagi pada omongan, Yesi narik tanganku lan ngenalke aku marang salah sijine kanca lanange Yesi jenenge Rendi. Aku karo Rendi omongan dumugi wengi banget. Hpne aku muni aku ora krungu. Kuwi ana sms saka wong tuwaku, ngongkon aku bali. Banjur aku pamit bali ndisik, aku kaget Rendi ngajek aku bali bareng. Awale aku ora gelem, nanging Rendi meksa dadine aku gelem.                  
awise aku ketemu Rendi sewulanan aku mikirna Rendi wae, aku ugi wes nyoba ngelaleake jenenge saka atiku satenane aku ora ngapusi, aku iki tresna marang Rendi. Wengi kuwi wektu aku arep turu, hpku muni ana pesan saka nomer anyar. Eh...kuwi malah nomere Rendi. Aku banjur sms karo  Rendi mau. Wes setahun aku reket karo Rendi. Banjur Rendi ngomong tresna marang aku. aku kaget lan bungah wektu kuwi, merga tresnaku ugi diwales nang Rendi. Banjur aku karo Rendi pacaran.
Seminggu, rong minggu, telung minggu aku pacaran apik-apik wae, nanging minggu kaping papat. Rendi wes beda karo aku, Rendi wes beda marang aku. aku banjur nggolet kabar saka Rendi, malah Rendi ning mburiku pacaran ugi karo wong liya. Atiku rasane kaya diremuk-remuk. Aku nesu karo Rendi, aku ugi njaluk pedhot karo Rendi. Sauwise kuwi aku janji ming awakku dewek, aku ora kepengin ketemu maning karo Rendi, bocah sing ngelarani atiku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar