Danang lagi enak-enake mangan mendoan
ning warung ujug-ujug saka burine ana tangan alus uga wangi nutupi mripate wong
lanang gondrong iku.“Haya sapa jal……” celathune Ana. “Apa ta Na?” saurane
Danang tanpa mikir suwi. “Lho kok ngerti ta nek aku?”, “Elho nek aku ki wis
apal karo ambumu, jarak 100 meter wae aku wis bisa ngrasakake ambumu sing kaya
sapi kuwi” celathune Danang sakgeleme.“Huh….dasar kucing garong.”, “kwakwakwa…”
Danang ngakak. Mengkono mau yen Danang karo Ana ketemu wis kaya kucing karo
sapi wae. Bocah loro mau pancen wis akrab banget awit OKKA dianakake. Kekarone
padha njupuk jurusan Bahasa Inggris ana ing UNY. “Na aku bali kos dhisik ya,
meh melu porak?”, “Ah ora, aku bar iki isih ana kuliah.”, “Tenan ki ora melu,
mengko gelo lho,” Danang sajak mbeda Ana. “Gelo jawa, wis mrana lunga
nyumpek-nyumpeki wae nang kene.”, “Ya wis aku bali ndisik ya,” celathune Danang
karo njangkah metu saka kantin.
Tekan ana kos-kosan Danang langsung
golek kertas lan kuas gawe nglukis. Senadyan jurusane dheweke Bahasa Inggris
nanging yen dikon nggambar pancen pinter banget. Nganti kanca-kancane ngomong
yen Danang kuwi bocahe nyeni bangeti. Akeh banget kancane sing njaluk tulung
dilukisake dheweke. Awit saka nggambar wong, kewan, kembang, lan liya-liyane.
Anehe saben-saben arep nglukis rupane Ana dheweke ngrasa angel banget. Ora bisa
langsung dadi kaya nek nglukis liya-liyane. Mula iku saben mentas ketemu Ana
dheweke langsung nglukis raine bocah wadon ireng manis iku sak kelingane. Yen
sawangane marang raine Ana wislamat-lamat ora cetha dheweke nglereni anggone
nglukis. Mengko yen wis ketemu Ana maneh lagi dibajutake.“Wiuh edan tenan
lukisanmu Nang, kaya lukisane tukang lukis professional wae,” aleme Sendy kanca
sakosane Danang.“biasa wae ngono kok.”, “Lha sing kuwi gambare sapa ta Nang,
kok aku weruh wiwit sesasi wingi nganti sakiki durung rampung-rampung,”
pitakone Sendy karo ngacungi gambare Ana sing durung diwenehi lambe.“Oh kuwi
gambare kancaku Ana jenenge, aku ya ora ngerti nglukis wong siji kuwi kok angel
banget,” saurane Danang.“Wah mesthi wong spesial ki, nganti arep nggambar raine
wae angel kaya ngono,” Sendy mbeda Danang karo cekikikan.
Sore iku Danang nembe ketemu karo Ana.
Kaya biasane dheweke langsung njagong ana ing panggonan sing biasa gawe
nglukis. Nerusake lukisan sing durung rampung-rampung iku. “akhire aku bisa
ngrampungke gambar iki,” ucape Danang saka jero atine. Sawise telung sasi nggawe lukisan iku akhire
bisa rampung. Tanggal sewelas Januari kang diarep-arep Danang wis tekan.
Dheweke ngenteni Ana sing lagi kuliyah. Sawise rampung kuliyah Ana weruh Danang
sing lagi jagongan ana ing ngarepan. “Heh ngapa kok durung bali Nang kan kowe
wis ora ana kuliyah ta? Ngenteni aku ya?” Ana sajak ngajak guyon.“Iya aku
ngenteni kowe Na.”, “Ana apa kok kadingaren temen gelem ngenteni aku?”“Ayo tak
jak maring kosku sedhela wae.”“Kok mung sedhela wong suwi ya ora apa-apa,” Ana
langsung nggandeng tangan kanca akrabe iku.
Wong loro iku mau banjur mlaku bareng
maring kose Danang. Sawise tekan Danang langsung menehake lukisane kang wis
dibungkus nganggo kertas payung . “Sugeng ambal warsa Na,” ucape Danang karo
ngulungake lukisan iku. Ana kaget banget nalika iku, ora nyana yen kancane iku
isih kelingan karo tanggal ulang tahune dheweke. “Apa iki Nang, entuk tak bukak
saiki rak?”, “Bukako dhewe!” saute Danang. Ana langsung mbukak kadone, nalika
wis kebukak lan weruh isine dheweke kaya ora percaya yen Danang bisa nglukis
awake persis kaya asline. ”Iki aku Lang, kok bisa persis banget ngene ta?”,
“Jenenge wong tresna ki apa wae bisa dilakoni.”, “Wah-wah nembak aku ki
critane. “Ana mung mesam-mesem nanggepi Danang sing ngungkapake rasa tresnane
senajan ora terang-terangan. Dheweke ora menehi jawaban apa-apa marang Danang .
Sore iku lagi grimis, Danang ngeterake
Ana tekan panggonan nyegat bis. Saka wetan katon bis Rawit Mulya mara maring
arahe wong loro iku mau. Ana nyekeli tangane Danang karo ngomong, “Nang matur
nuwun banget kanggo kabeh mau ya,” Danang mung menengwae ora bisa nyauri
apa-apa. Lagi iki dheweke krungu Ana ngomong ora karo guyonan. Bis mau sansaya
cedak Ana nguculake tangane banjur “cup” Danang kaget banget nalika Ana
ngambung pipine, dheweke kaya lagi ngimpi nganti ora ngerti yen wong wadon sing
ngambung pipine iku wisnggeblas bareng bis Rawit Mulya mau. Wong lanang kuwi
bali maring kos-kosane karo mesam-mesem dhewe, dheweke yakin yen Ana iku ya
ngrasakake apa sing dirasa dheweke awit pertama kenal Ana.
Wis
rong minggu sawise kedadean iku, kabeh bali kaya biasane maneh, nanging
kanggone Danang ana sing beda banget. Awit rong minggu iki dheweke ora tau
weruh klebate wong wadon kang wis kelukis ana ing jero atine. Akhire dheweke
entuk kabar saka wening kancane Ana yen Ana saiki lagi ana ing rumah sakit
amarga lara Jantung. Krungu kabar iku Danang kaya disamber bledeg , wingi wong
wadon iku isih mesam-mesem ing ngarepe, sakiki lagi ngletak ana rumah
sakit.Sesuke Danang mbolos kuliah mung merga arep niliki Ana ana ing rumah
sakit. Ora lali dheweke nggowo buah. Nalika mbukak kamar panggonane ana dirawat
dheweke weruh Bapak lan Ibune Ana lagi nangis sesenggrukan, “Ana tangi aja lunga dhisik nduk,” ucape Ibune Ana.
Sanalika buah sing digawa Danang mau ucul saka tangane, dheweke ora kuwat maneh
ngadepi kanyatan kang ana ing ngarepe. Ora nyana yen kedadean wingi kang nyenengke atine iku dadi pungkasan
dheweke lan Ana bisa bebarengan. Katresnan sing lagi wae diwiwiti kudu rampung
ing dina kuwi.Pirang-pirang dina sawise Ana lunga Danang kaya wong linglung.
Saben dina jumat dheweke marani Ana sing wis turu ayem ana ngisore kembang
kamboja. Nalika ana wektu sela Danang mung dolanan gitar kang biyen diwenehi
Ana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar