Rabu, 10 Desember 2014

Cerkak "Preinan ning Omah"


Kados biasaipun menawi wonten tanggal abrit, kula mesthi wangsul griya. Menapa malih tanggal abrit menika tanggal abrit Idhul Adha. Kanca-kanca kula ugi sami wangsul sedaya, malahan wonten ingkang wangsul saking dinten Selasa. Kula wangsul griya menika dinten Rebo. Dados kula preinan wonten griya menika saking dinten Rebo dumugi dinten Minggu. Kula Preinan wonten griya menika kula mbiyantu wonten anggene sederek kula ingkang saweg gadheh gawe.
Sakleresipun kula kepengin preinan menika kangge leren, nanging malahan dipunkengken mbiyantu. Saking enjang dumugi ndalu kula anggene mbiyantu. Kula krasa kesel sanget amargi tenaganipun kula ditelasaken. Kula preinan wonten griya menika mboten kesah wonten pundi-pundi, kula namung wonten daleme sederek kula. Sakbenere kula kepengin lunga wonten pantai. Kula ngrasa kesel anggene mbiyantu dados kula mbiyantu namung dinten Kemis lan Jumuah. Nalika dinten Setu kula mbten mbiyantu malih, kula ditakokke kenging menapa kula mbten mbiyantu malih. Kula namun mesam-mesem kemawon. Amargi kula kesel dados leren anggene mbiyantu. Saliyane kula mbiyantu wonten anggene sederek kula, kula ndelikke dolan anggene mbakyuku ingkang nembe nduweni Putra. Putrane mbakyuku menika jaler, larene bagus sanget. Kula ugi ndelikke dolan anggene mbahku ning Gambiran. Amargi kula arang kepanggih dados kula kepengin kepanggih kalih mbahku.
Kula wonten nggene mbahku numpak motor amargi daleme mbahku radi tebih nanging mboten tebih sanget. Wonten wargi kula kepanggih kalih kanca lawasku, dadose kula takon kabare kepripun. Kebeneran sanget kancaku ugi waras. Aku ugi takon-takon saiki kuliyah ning ngendi. Kancaku kuwi saiki kuliyah ning UMP. Ning jurusan PGSD. Banjur aku cerita ugi menawi aku nduweni sedulur ning PGSG ugi nanging wis semester pitu. Nanging kancaku kuwi malah wis bebojoan. Aku ning kono kaget, aku malahan nembe ngerti. Aku ning kono ngrasa ora kepenak banget amargi ora bisa teka wektu kancaku bebojoan kuwi. Senadyan wes bebojoan, kancaku kuwi durung ndueni anak.
Sawise cerita akeh-akeh aku banjur pamit lunga soale aku ugi arep marang nggone mbahku. Ning ndalan ora kanthi suwi, ban motorku malahan bocor. Aku bingung banget, aku kon piye merga ning kene ora ana tukang tambal ban sing cedhak. Terpaksane aku nuntun motor kuwi dumugi ning tukang tambal ban. 15 menit aku nuntun motore. Sawise ditambalna aku banjur ngelanjutna maneh marang daleme mbahku. Aku ning kana namung njagong-njagong wae, amargi mbahku lagi pada tindakan. Aku ning daleme mbahku namung 1 jam tok, sakwise kuwi aku bali ning ngomah. Banjur aku bali langsung turu amargi awakku radi ora kepenak.
Aku mangkat Semarang kuwi dina Minggu jam 11.00 Aku ning Semarang karo Dwi lan Arif numpak motor. Bocah loro mau kuwi kanca sakelasku. Ora kaya biasane menawi numpak motor namung 4 jam, wektu kuwi aku 6 jam amargi numpak motore kuwi pada alon-alon. Aku tekan Semarang kuwi jam setengah lima.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar