Jumat, 12 Desember 2014

Cerkak "Kudu Dilakoni"



W
is dadi kuwajibane dadi mahasiswa Riska esuk-esuk mangkat kuliyah. Menyange maring kampus ora mung kene kono alias cedhak. Nanging dheweke saben dina ngelaju saka Ungaran -Semarang. Yen ana jadwal kuliyah jam 7, mangkat saka omahe jam enem luwih seprapat.
                Tekan kampus pas jam 7 mlebune. Dadi, saben dina Riska kudu nunggu angkot anggone menyang kuliyah. Jenengane angkot, penumpang isone mung manut mlakune angkot kuwi. Suwe orane manut angkutanne. Kadhang mlakune alon-alon, kadhang banter. Nanging Riska tetep sabar lan mesthine tetep semangat.
                Tekanne kampus Riska mesthi napase menggeh-menggeh ngono kae. Amarga cepet-cepet menyang ruwangan sing nggo kuliyah. Riska jurusan Ekonomi Pembangunan ana ing Universits Negeri Semarang. Dadine mlaku saka mandhege angkot mau tekan Fakultas Ekonomi. Padhahal mlakune lumayan adoh. Ananging tetep dilakoni Riska saben dinane. Apa meneh durung jedhane jam kuliyah suwe, dheweke ora bakal mulih. Saumpama Riska kuliyah jam 7 karo jam 3 padha wae baline sore sekitar jam limanan. Padha wae ongkos ngangkote double. Jane luwih ngirit yen Riska numpak motor dhewe, ananging piye maneh dheweke durung duwe motor. Saka omahe Riska tekan kampus  Universitas Negeri Semarang kira-kira 20km.
                Riska yen ana jam kuliyah sore, dheweke sangu bekal sega, diwadhahi tepak. Ora lali banyu putih sing dileboake ana ing gendhul. Dadi, kanggo mangan pas awan. Luwih-luwih karo bisa ngirit. Dina Senen-Kemis Riska kerep pasa, kanggo prihatin. Senadyan Riska omahe adoh tetep nglaju, dheweke tetep sregep anggone sinau. Senadyan esuk nganti sore ana ing kampus.
                Wayah sore anggone Riska mulih saka kampus, jam limanan angkot wis jarang. Dheweke mesthi numpak angkot werna ijo jurusan Ungaran-Sekaran lan angkot werna orange jurusan Sumur Jurang-Jatingaleh.
Ngenteni angot sing werna ijo suwi ora ana sing liwat banjur Riska numpak angkot orange jane tekan Sumur, wektu kuwi dikon midhun dhaerahPakintelan kono kae. Amarga sopire omahe dhaerah kana, dadi ora tekan tujuanne Riska. Sedhihe Riska yen ngono kuwi, ora entuk angkot. Ananging kabeh kuwi dilakoni Riska kanthi sabar.
* * *

Tidak ada komentar:

Posting Komentar