Rabu, 10 Desember 2014

Cerkak "Katresnan lan Keluwarga"




Urip kuwi bakal seneng wektu dhewe ana ning samping wong-wong kang pada tresna marang dhewe. Kaya dene Tika sing taksih gadheh wong tuwa, rayi, lan mbakyu. Wektu kuwi Tika nduweni katresnan marang Dika. Ora sadar yen saka awal Tika mlebu sekolah SMA Tika ora oleh pacaran ndisik, nanging Tika malah ngelanggar kuwi. Tika karo Dika Wes pacaran kurang lewih rong taun. Wong tuwa Tika ugi ora ngerti menawi Tika kuwi pacaran.
Dika ugi tresna marang Tika, wektu Tika bungah lan trenyuh Dika mesthi ana kanggo Tika. Tika ora gelem yen ditinggal lunga ning Dika, Tika tresna banget marang Dika. Mesthi cah loro kuwi mau jarake adoh, merga Dika kuwi wes kerja nanging cah loro kuwi mau pada tresnane.
Rampung lulus SMA Tika mlebu kuliyah. Wektu kuwi ugi wong tuwane Tika ngerti yen tika pacaran karo Dika kawit Tika SMA. Wong tuwane Tika nesu marang Tika nganti wong tuane Tika gerah ngerti yen anake dhewe kaya mangkono. Wektu kuwi ugi Dika dolan ning omahe tika. Wong tuane Tika tambah nesu. Amargi kawit mbiyen Tika ora olih pacaran lan reket karo Dika. Tresnane Tika marang Dika lan sebalike ugi iku kepedhot.
Wektu kuwi Tika medhot katresnane marang Dika. Sakbenere Tika tresna banget marang Dika, nanging piye maneh kahanane kaya mangkene. Tika diparingi badhe milih Dika, wong tuwa, menapa kuliyahe. Banjur Tika lewih milih wong tuwa lan kuliyahe amargi kuwi kanggo awake Tika dhewe mbesuke. Tika ugi janji ming awake dhewe lan wong tuwa, ora bakal ana hubungan maneh karo Dika lan arep ngurusi kuliyahe ndisik. Lan dika ugi ngregani Tika lan bisa nerima kabehan keputusane Tika.
Akhire saiki Tika usaha kanggo mbalekna rasa percayane wong tuane marang dheweke maneh, sing wingi-wingi wong tuwane ora radi percaya ming dheweke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar