Jumat, 12 Desember 2014

Cerkak "Kewirangan"


I
ng sadengah kutha wonten kaluwarga sing uripe mulya yaiku kaluwarga Pak Sasradireja. Ing kaluwarga kana mau Pak Sasradireja tinggal karo garwane, anakke lan rewange. Pak Sasradireja anakipun jaler jenenge Bagus kang wis diwasa umure meh ngancik pitu likur taun.       Rewange ing kaluwargane jenenge Mbok Siyem, umure ya durung tuwa-tuwa nemen nanging ya durung rabi. Mbok Siyem wis ngrewang ing kaluwarga Pak Sasradireja awit  isih sekolah ana SMP nganti Sari wis lulus kuliyah. Wis suwe anggone Mbok Siyem ngrewang, dadi Pak Sasradireja wis nganggep Mbok Siyem kaya kaluwargane dhewe.
                Bagus kang putra siji-sijine saka Pak Sasradireja kaliyan Ibu Sasradireja. Saiki Bagus wis ngancik diwasa lan wis lulus saka kuliyahe. Saiki Bagus wis kerja mapan ana ing bank swasta.  Umure Sari kang diwasa kuwi jalukane bapake yen  lek rabi. biyen nganti saiki  Bagus ora tau ngejak tiyang estri ing omahe. Pikirane bapake Sari durung duwe pacar. Amarga iku, Pak Sasradireja kaliyan ibu golekke paningset kanggo Bagus yaiku putrine Pak Dirman. Jenenge Sari, dheweke umure wis ngancik diwasa.
“Mbok Yem?” celukane Bu Sasra marang rewange. Wektu iku Mbok Yem lagi resik-resik omah.
“Dalem Bu, wonten menapa?” wangsulane Mbok Yem karo marani Bu Sasra.
                Nalika Mbok Siyem diceluk Bu Sasra kuwi dheweke angkon mara ing omahe Sari amarga wong tuwane Sari ngirim layang kang isine Sari jaluk gelang treres lan kalung. Biyenne isi layange  wis jaluk jam lan pakeyan. Bu Sasra pengin ngerti sakbenere masalah kuwi. Apa bener Sari sing jaluk. Wong durung dadi apa-apa isih dadi paningset, wis jaluk werna-werna. Kuwi bae durung dadi bojone. Tambah dadi pikiran Pak Sasra lan Bu Sasra. Mbok Siyem cerita yen Pak Derman bapake Sari iku penjudi gedhe. Mbok Siyem ngerti cerita kuwi saka rencang padha rencange. Pak Sasra lan Bu Sasra nalika ngerti critane Mbok Siyem meneng lan ora bisa muni apa-apa. Sing ana pikirane mung kuwi tenan apa ora. 
                Ing omahe, Sari rerembugan karo bapake babagan paningset. Sari kepengin batalke paningset karo Bagus. Sari ora kapenak karo kaluwarga Pak Sasra amarga wis jaluk werna-werna. Pak Derman tetep wae wegah batalke paningsetan anake kuwi. Nalika sore kuwi, Mbok Siyem maring ana omahe Sari amarga entuk pandangon saka Bu Sasra.

Atine Sari wirang tenan, eluh kang tumetes saka mripate.
Ing omahe Sari disawang saka jaba, katon sepi. Gerbange omahe tutupan. Mbok Siyem buka gerbange langsung anuju lawang. Banjur ngetok-ngetok lawang kaya dene tamu. Sari kang bukakake lawange karo kaget. Ora kaya biyasane Mbok Siyem mrene. Mbok Siyem di kongkon mlebu omah lan kon lungguh ana ing kursi sebelahan karo Sari.
“ Den Sari, daleme kok sepi?” pitakone Mbok Siyem karo andelengi sakkubenge omah.
“Bapak teng wingking, ana apa Mbok kok kadingaren mrene. Di utus Bu Sasra apa Mas Bagus?” wangsulane Sari
“ Diutus Bu Sasra Den Sari, mlem Minggu Mas Bagus rak ya dolan mrene ta Den!”
“ Ya mesthi, diutus apa Mbok? Pitakone Sari karo deg-degan atine
                Mbok Siyem menehake layange Bu Sasra sing saka  Pak Derman. Layang dibuka lan diwaca Sari, ujug-ujug Sari nglemprak ana ing ngisor. Kaget karo isi layange kuwi mau. Jebul isi layang kuwi sing nyerat bapake dhewe. Sari isin karo kaluwargane Bagus amarga bapake dhewe kaya ngono.
                Sari ora pernah jaluk apa-apa marang kaluwargane Bagus. Nanging nyatane ana layang kang isine jaluk werna-werna kuwi kaya dene sing jaluk  Sari. Atine Sari wirang tenan, eluh kang tumetes saka mripate. Banjur Mbok Siyem mulih saka omahe Sari lan kon ngomongke Bu Sasra yen Sari lagi wirang tenan.
***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar