Jumat, 12 Desember 2014

Cerkak "Pit Anyar"


 
A
ku isih kelas lima SD. Sekolahan panggonane ana ing desaku dhewe. Malah lumayan cedhak karo omahku, kira-kira setengah jam anggone mlaku wis tekan. Aku kepingin pit sing bisa kanggo dolan, mangkat sekolah  kepingin kaya kanca-kanca. Banjur aku nyoba matur marang ibu lan bapak.
“ Pak, Bu, kula kepingin pit anyar?”
“ Dhuwit saka endi ta Nang, meh kanggo apa?” Wangsulane bapak. Ibu naming meneng.
“Kangge budhal sekolah lan kangge dolan, kula sok kepengin kanca-kanca” karo jepraput lambene. Soale kepengin banget pit.
“Ngene wae ya, kelas lima iki kudu kowe duwe ranking minimal 3 besar ana ing kelas, mengko dak tumbaske pit” Ibune karo bapakke njaluk kaya dene syarat.
                Wong tuwaku maringi aku syarat kaya ngono, karepe ngen aku dadi bocah pinter, sing bisa bahagiake wong tuwa.
                Mangkono sing gawe semangat aku. Saben dina aku mesthi kelingan ature bapak ibu. Kudu lan kudu duwe ranking 3 besar. Saiki anggonku sinau ana sekolah utawa ana ngomah luwih sregep tinimbang dhek biyen. Ana PR saka pak guru bu guru mesti tak garap ora ketung salah anggonku garap.

Saiki klakon aku duwe pit anyar kaya kanca-kancaku.
                Wis arep Semester II sedhelok ngkas arep tes. Dolanku wis mulai tak kurangi. Sinauku ana omah dhisike mung sakjam saiki rong jam. Sadurunge sinau bengi, bubar solat Magrib, dak teruske ngaji. Banjur sinau. Nalika wayah esuk bubar Subuhan dakbiasake sinau sedhelok. Ora adoh karepku, aku tetep nyuwun berkahipun saking Gusti Allah. Lan usahaku kudu tenanan. Masalah hasil kuwi panduming Gusti.
                Seminggu, Tes Semester II wis rampung, tinggal nunggu tampa raport. Atiku wis lega. Ananging atiku ngrasa dheg-dhegan masalah isi raporte kuwi. Wedi yen bijiku ana sing abang. Apa maneh wis nguciwake wong tuwa.
                Sawijining wektu, wis wayahe tampa rapot. Rapotku dijupuke ibuku. Wong bapakku ora bisa jipuke amarga nyambut damel. Nalika wali murid wis padha teka maring kelase. Aku ngrasa dheg-dhegan banget. Akhire diumumke karo wali kelas sing entuk ranking siji nganti telu.
“Ibu-ibu, Bapak-bapak, sugeng enjing, matur nuwun rawuhipun panjenengan anggene mendhetaken rapote putra-putrinipun panjenengan sedaya. Inggih naming ngumumaken ingkang angsal ranking setunggal ngantos tiga, nyuwun tulung mangke ngajeng. Rengking setunggal  Riana anindya, rengking kalih Bagus Wicaksana, rengking tiga  Suci Wardani. sumangga kula aturi wali murid ngajeng.”
                Ibuku katon bungah banget, alhamdulilh usahaku ora sia-sia. Banjur ibu wis nerima rapote lajeng diweruhke neng aku. Ora apa-apa entuk ranking loro. Alhamdulilah aku bisa munggah kelas enem. Aku diparingi selamat lan di ambung ibuku. Katon bahagia sanget. Wayah wis sore anggone bapakku nyambut gawe wis bali. Ibuku banjur ngomong yen anake Bagus entuk rengking loro sakelase. Bapakke katon bungah banget krungu kabar kaya ngono mau. Janjine arep nukoake pit anyar arep ditebus.
“Gus, selamat ya. Bapak arep nepati janji, arep tak tukoake pit anyar.”
“Nggih , Pak. Maturnuwun. Kapan ditumbaske?”
“Mengko bengi ya Gus.” Katon sumringah banget.
                Saiki klakon aku duwe pit anyar kaya kanca-kancaku. Pit anyar arep tak rawat terus, aja nganti rusak. Saiki aku kudu luwih apik ketimbang hasile saiki. Gawe luwih bahagianing wong tuwaku lan aku dhewe.
* * *

Tidak ada komentar:

Posting Komentar