S
|
eminggu
sadurunge riyaya Kurban, kampus isih rame kaya dina-dina biyasane. Aku lan kanca-kanca isih padha kuliyah. Dina
kuwi ngepasi pas dina Selasa. Kanca-kanca wis padha sarujuk yen sesuke padha
ora mangkat, amarga arep padha mulih menyang desane dhewe-dhewe. Padha wae aku
ora mudik, wong omahku ana ing Kecamatan Ungaran Barat (Kabupaten
Semarang) kene iki. Aku rak ya bungah ta! Bungahku padha karo bungahe kanca-kancaku sing padha
arep mulih ing desane. Limang dina suwene aku mrei kuliyah.
Dina Jumat tanggal 26 Oktober
2012 yaiku sasi Besar. Wong-wong padha mangeti dina kuwi kaya padha pas Idul Fitri. Esuk-esuk mruput, wong
Islam padha menyang mesjid. Padha
nglaksanakake solat Id kanthi jamaah. Aku mangkat ing mesjid
bareng-bareng karo tangga teparoku. Ora numpak montor, nanging padha mlaku saka
omah tekan mesjid. Bubar saka mesjid, bali ing omahe dhewe-dhewe. Tradisi ana
ing desaku yen wis bali saka mesjid, wong-wong padha slametan ana ing langgar
utawa mesjid. Padha ngetokake panganan lan didongani karo sesepuh. Panganan
sing wis didongani mau bareng-bareng dipangan.
Ngepasi Idul Adha kuwi dina Jumat, wong lanang sing muslim padha
nglaksanakake kuwajiban Jumatan. Bubar selametan, cepet-cepet ndang nyembelih
kewan sing digawe korban yaiku ana sapi lan wedhus. Sadurunge kewane
disembelih, diwacake donga dhisik. Banjur, dikeleti karo bapak-bapak. Aku
bisane namung ndeloki wae. Bageyane ibu-ibu ngirisi daging sing wis dikeleti
iku. Nganti ambune penguk kaya ngono. Jam 11 wae wis rampungan, daging-daging mau
dibandhum karo wong-wong kono. Dadi, padha entuk rata.
Wong-wong padha mangeti dina kuwi kaya padha pas Idul
Fitri. Esuk-esuk mruput
wong Islam padha
menyang mesjid
|
Sedina kuwi aku wis mblenger
ngambu daging, nanging daginge isih akeh. Esuke aku ngagas, daginge arep tak gawe nugget.
Adhuh, aku ora bisa gawene! Mula, aku
takon karo mbakyuku. Alhamdulilah mbakyuku
ngewangi gawe, nanging bahane nganggo daging sapi sing ora patek penguk. Awit
saka kuwi, aku menyang pasar tuku susu, glepung panir, wortel lan bumbu. Sawise
tekan omah, aku selak kepengin gawe nugget. Banjur, bahane mau tak siapke.
Mbakyuku sing ngulek bumbune; aku sing ngraciki daginge. Jebul, yen masak ora
ngerti carane masak kuwi angel. Ing riyaya Korban taun iki, aku luwih bisa
sinau masak.
* * *
Tidak ada komentar:
Posting Komentar