W
|
ayah esuk manuk
padha cluit-cluit, pitik padha ngluruk, srengenge sing wis katon padhang. Seger
hawa esuk kuwi kagawa anggone aku tangi turu. Ibuku wis masak ana dapur nyiapke
sarapan kanggo aku lan bapak. Lajeng biasane bapak esuk-esuk wis menyang ana kebon.
Saben esuk pagaweyan ing keluwargaku kaya ngono.
Wayahe aku nyiapake kanggo
sekolah. Sakwise sarapan aku siap-siap
mangkat sekolah. Nanging sadurunge iku aku pamitan karo ibuku.
“Bu, kula budhal
riyin nggih, nuwun doa restunipun.” karo ngambung tangan ibu.
“Oh, ya Nduk.”
“Lha bapakmu
endi,,,jarene meh ngeterke sekolah yahmene kok durung siap-siap.”
Memang biasane aku sekolah
diterake bapak nganti tekan ngarep sekolahan. Dalan sing dakliwati adoh saka
omah. Kira-kira telu kilometeran. Dadine anggonku mangkat saka omah rada gasik. Tekan tengah dalan ora ngerti
asal muasale ban sepedha montor sing daktumpaki nggembos. Aku kepeksa mandheg.
Ban mburi diiling-ilingi bapak.
“Duh, tenan ki Nduk.
Banne empuk ngene.”
Sawise diteliti bapak, jebule
ban buri gembos, amarga kecocog paku reng. Pranyata pancen bocor. Sepedha
montor banjur dituntun. Aku mlaku ana mburine bapak. Aku ngrasakake kesel. Wis
mlaku luwih saka siji kilometer ora ana tambal ban. Wis jam pitu anggone montor
dak surung. Padha wae jam pitu gerbang sekolahan wis ditutup. Aku wis pasrah.
“Nduk, wis jam
pitu ngene nanging durung ketemu tambal ban.” Bapakke ngomong karo anakke.
“Mboten menapa
bapak. Kula boten budhal mawon.” Sedhih anggonku mangsuli
Kringet gobyos
ing sadalan-dalan ora dak gubris. “Aku kesel nanging isih luwih kesel bapak
kang nuntun sepedha montor.” Pikirku.
Ana sing kandha yen tukang
tambal ban iku dununge mlebu gang. Aku karo bapak terus mlaku. Jebul ana tenan.
“Alhamdulilah nduk,” karo menggeh-menggeh
nafase bapak. Saking adohe anggone nuntun sepedha kang gembos banne.
“Inggih Pak, Alhamdulilah,”
Aku ngrasakake kesel.Wis
mlaku
luwih saka siji
kilometer ora ana
tambal ban.
|
“ Ya wis ora
apa-apa, daripadha ora bisa mlaku ya Nduk?” Bapak katon pasrah. Wis lega
anggone bapak nuntun sepedha montor, saiki wis ketemu tambal ban. Ananging ora
ditambal malah diganti ban anyar.
“Saruju Pak!
Bapak leyeh-leyeh riyin kaliyan nengga gantos ban ingkang enggal,” atiku katon
mesakke bapak.
Sarampunge masang ban, aku dijak
bapak bali. Limangatus meter, lagi wae mungkur saka tambal ban, ana masalah
maneh sepedha montor kang daktumpaki karo bapak. Dalan lekak-lekok sing sepi,
kang akeh wit-witan diliwati. Sadurunge tekan omah lagi tekan tengah dalan
sepedha montor mogok.
“Wah, ana apa
maneh iki, kok mogok?” anggone bapak maturi aku. Sepedha montore ditingali karo
bapak kanthi teliti. Jebul bensine entek. Aku ngetutke bapak golek wong sing
adol bensin. Isih adoh dalan arep nuju omahku. Dasar apes, meh mangkat sekolah
ujunge ora mlebu, lagi tekan dalan kesel mlaku goleki tukang tambal ban lan
golek wong sing adol bensin.
* * *
Tidak ada komentar:
Posting Komentar