Jumat, 02 Januari 2015

Cerkak "Apa Iya, Tresna Katur MasTresno"



            Krakarsana, tembung sing pengin banget dak unekake nanging meso ora isa kewedhar, nalika pawongan lanang ing sisihku ngguyu ngatonake untune sing miji timun, ngrayah-ngrayah dada nganti keprungu banter swara detakkane ngungkuli ambegan sing ngos-ngosan sakbubaring munggah lantai 3.
“Kaya ngene maneh?”  Swarane Kluprut (swara cilik  ing atiku) kawetu takon  marang awak sing lagi ngrasakna rasa kang padha kaya  setaun wingi nalika tetepangan kapisan lan pungkasan  karo Mr. Bay  sawijining maling kang wis ngawa mlayu saperangan bab ing dada, emboh apa kuwi. Lan nganti seprene ora dakngerteni tapak tilase.
kok balik lagi” Grambyangan atiku kepotong dening swara pitakonan ditujuke marang aku sing pijer meneng kamitenggengen. “iya, tadi cuma ngeprint lagian laptopku juga masih dipakai untuk presentasi” jawabku takgawe biasa ngilangake rasa grogi sing ngoyak nalika njupuk lungguh ing sisih pawongan saka jurusan HKN, Fakultas Ilmu Sosial kuwi.
“Swara renyah kuwi” tembunge Klupruk nyelak saka njero, banjur blajutku “kaya kae pawongan siji kang dadi tresna kapisanku”. Duh ya apa?. Pancen wis bangsa 3 wulan aku serombel karo mas HKN Semester 5 kang duweni pawaan ireng manis kuwi, ananging kenapa Senin iki bedho karo padatan? kaya ana hawa sumebar saka swarane, guyune, lan clotehane sing nyengsemake kanggoku.  Aja muni yen aku tresna karo mas  sing duwe jengen dhawa 
Dina kuwi pacen kuliyah Kewarganegaraane kosong, ning ana tugas saka dosen diutus presentasi dewe kaya padatan. Serombel pada mangerteni yen aku pancen wong ceriwis sing bakal tumut drememel ngomen ngalor ngidul apa kang lagi dibahas, sak orane kuwi bisa dadi nilai tambah kanggo narik simpatine Mas Trisno, sanajan dudu kuwi tujuanku sing sakbenere melu nguda rasa nalika diskusi nanging apa salahe yen aku “Menyelam sambil cari ikan” kuwi tembunge Klupruk kang dak kutip.
Ananging pranyata nasib dudu ana ing aku, sakbubaring kuwi aku tan bisa katemu karo Krakarsanaku, ora isa maneh dadi penggemar rahasia kang atine mumbul nalika maju ing ngarep lan ngomong ngalor ngidul karo dheweke. Ora ana maneh  bisa nyolong-nyolong guyune lan eseme sing manis ngluwihi gula jawa, ora ana maneh mung kajobo nyalahke nasib sing tanpa owah-owahan kaya mengkono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar