Sawijining
dina ing Desa Ngambakrejo,Kecamatan Tanggungharjo, ana wanita ayu Sulistiyo ing
warna, nyambut gawe ana ing pawiyatan Luhur SMP N 2 Gubug,yaiku kaparingan asma
Rara Ayu Siti Atun Muhibah. Putri saka Bapak Suratman kang pensiunan Kepala Sekolah
SD Negeri Ngambakrejo.
Rara Ayu
kasebut nduweni tunggal cacahe enem, sing papat dadi guru, sing telu nyambut
gawe swasta. Dheweke seneng banget marang pagaweyan kang minangka nerusake
perjuangane bapak e, yaiku ngabdi marang nusa bangsa lan negarane ing babagan
Pendidikan.
Ing
tahun 1988 nalika diangkat dadi guru, dheweke seneng banget nanging rada kuciwa
amarga bapake nduweni lara mengi/sesak nafas, bapake kapeksa diopname ing rumah
sakit kang misuwur banget, papan panggonane bisa ndadekake penyakite mau bisa
njalari mari yaiku ing Kota Salatiga.
Nalika bapake
diopname ing Salatiga Rara Ayu mau kelingan nduweni kanca sing jenenge Purwati,
omahe Desa Mangunsari, “banjur dikandhani “Mbak Pur tak kandhani, bapakku iki
mau loro mengi diobname ing Rumah Sakit Paru-Paru Kota Salatiga.” Wangsulane
Purwati mau, “yen ngono ayo sakiki padha di tiliki!” wangsulane Rara Ayu
Siti “sak iki! Yoo ayooo.”
Bocah
loro mau terus padha mangkat menyang Rumah Sakit Paru-Paru ing Kota Salatiga
boncengan. Sak durunge tumeka papan panggonane kancane sing jenenge Purwati mau
ngajak mampir ana ing nggone kenalane kang nyambut gawe ana ing Batalyon 411
Salatiga. Nanging ora bisa ketemu amarga anane kegiatan latihan kang akeh
banget, wusanane banjur nerusake tujuanne tilik bapake Rara Ayu Siti menyang
Rumah Sakit.
Nalika
tekan Rumah Sakit Bapak Ibune Rara Ayu Siti seneng banget tekan Rumah Sakit
kanthi slamet, amarga dalan kang diliwati alas gedhe gung liwang-liwung sepi
nyenyet arang wong kang sing padha liwat uga isih akeh kewan galak.
Wayah
sore bocah mau ora wani padha bali, pungkasane padha turu ing Rumah Sakit.
Kebeneran kancane Purwati kang digoleki awan mau mara ing Rumah Sakit, nalika
teka Purwati kaget banget ! “lhoo sapa kuwi? awan mau aku mampir kantormu lho,
tak goleki kok ora ana menyang ngendhi?” wangsulane “aku lagi latiyan nembak
ing alas cedhak e batalyon.
Purwati
lan kancane mau terus padha jagongan, nyritaake yen bapak adhik Rara Ayu lara
ing rumah sakit kene. “ayo coba kamare sebelah endi aku tak melu niliki,omonge
kancane,” wangsulane Purawti “ayo tak tuduhke.” Tekan njero Rara Ayu lan bapak
ibune padha kaget, jebulane priya mau isih keponakane dhewe.
Saben
esuk priya mau karo kancane bubar apel esuk langsung padha nunggu ana ing Rumah
Sakit, nganti mari bali menyang omah. Rara Ayu Siti seneng banget amarga bapake
wis mari lan digowo bali menyang omah, Rara Ayu bisa nyambut gawe kanthi ati
tentrem,ayem.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar