Jumat, 02 Januari 2015

Cerkak "Kocapan Bali Menyang Susuh"


Lirih-lirih carita kawiwitan nyedaki riyaya Kurban, tandha yen wis wancine kanggo bali desa. Bali menyang daleme bapak ibu ing Rembang. Omah kang wis sangalas taun dadi panggonku ngupakara awak. Wiwit dilairke nganti seprene gedhene. Sanadyan dudu kraton magrong-magrong nanging ora ana sing bisa nggantekake omah kuwi lan rasa ayeme.
Mlakuning sikil mesthi wae gawa kembanging urip, kaya dene turu kang nggawa impen. Ya ngeneki lakuku nalika bali menyang desa. Kawiwitan saka Gunungpati montorku daktumpaki napaki panase aspal kang kobong dening srengenge. Benter lan panase awan kuwi ora banjur ngalangi niyatku bali menyang desa. Kaya dhisik-dhisikan karo peksi sing meh bali menyang susuhe,  mungkasi lakune oleh golek pangan sakparan-paran.
 
Kira-kira telung jam setengah aku teka ing bumi lairku kuwi, dipethuk dening segere hawa gunung kang beda banget karo padatan ing Semarang kang panase ngluwihi. Rasa seneng campur kangen bapak ibu isa lerem nalika bisa ngulungake tangan nyuwun astanipun panjanengane kanggo diaras. Ya kaya kuwi aku yen bali menyang omah.
Wiwit dina Selasa tanggal 23 anggonku bali desa. Ing kono sanadyan gaweane mung mangan lan turu, ananging kabeh krasa kapenak wae. Amerga wis ora prelu mikir babagan management dhuwit lan wektu kanggo ngerjakke tugas, mung kari dina ayem kanggo refresh otak sing krasa kesel. Sanadyan ora mara neng endi-endi naging preinan riyaya Kurban iki banget nyenengke bisa kumpul karo kulawarga. Kaya unen-unen sing unine “mangan ra mangan sing penting kumpul”. Awit riyaya Kurban kapengker aku ora isa ngrasakke kumpul kulawarga kaya mangkene.
Dina-dina terus wae lumaku nggantekake detik, menit lan jam. Limang dina dirasa wektu kang sedhela banget. Kamangka rasa ati durung pengen bali, kamangka isih pingin ngrasakake hawa desaku sing ayem lan sepi ora ana swara hurag-huruging montor kang liwat kaya yen neng papan nggonku ngangsu kawruh.  Kanthi pangestu saking bapak ibu, aku mangkat saka Rembang tanpa kanca, dhewekan mung batur sepedha montor lan tas ing dhuwur geger.
Ing dalan, kaya padatan macet ora tau kecer saka lakuku, sejam dhewe aku kena macet ing telung titik, kuwi wis cukup ngentekake tenaga amerga mungsuhe truk lan montor-montor gendhe. Durung maneh kudu setiti anggone nyeter. Anaging kuwi ora banjur dadi pepalang abot kanggoku, kabeh dakniyati kanthi nggolek pangestu Gusti Ingkang Mahaagung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar