Krenteke ati kawiwitan saka niat,
kirane tembung kuwi sing isih takdadekake patokan nganti seprene. Kegawa siji
baka siji ing padunungan alam pikiran sing saya suwe saya nyedaki awak mring
kahanan sing dak lakoni. Kumlebating diri lan ati njalari sekabehing langkah
urip kadya angin kang gonta-ganti tumiyup, ngawa hawa seger tekan njero balung
nanging padatan uga panas kegawa
mobat-mabiting tembang tanpa swara.
Uripku pancen dudu cerita endah kang bisa digambar karo kuas
dadi carita, ananging saora-orane kuwi isa dadi catetan cilik saka laku urip,
sawijining mahasiswa Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang kang nyoba ngudi
ilmu lan ngangsu kawruh. Diwiwiti saka lumakuning sikil ing sebrang dalan pojok
wetan. Dalan cilik sing tak jajaki tanpa kanca, ya mung pangestu saka ibu lan
rama kanthi donga.
Larah-larahan uripku san saya krasa
kemrungsung netepi swara batin sing emoh kalah karo bantering swara pepalang.
Meski tanpa pepadhang kang cetha aku isa ana ing kene, ing kelas Sastra Jawa
sing ngandut babagan prayogi kaya dene lampahan wayang kang sinerat kebak
piwulang moral lan estetika. Ing wiwitan pancen kabeh sok-sok sakmlakune, tanpa
krenteg nyata sing jalari niat.
Awit biyen aku mlebu rene ya isa diarani
mung amerga kepeksa ora luwih saka iku. Ananging sakbubaring kelampahan, aku
kaya dilairke maneh, lair kanthi rupa lan semangat anyar. Mbabar jati diri kang
piningit kaya dene gandha arum kang sumimpen ing botol banjur disemprotke.
Ananging pisan pindo rasa wedi,
kuwatir, lan cuwa tuwuh nganjlokke mental kaya dene bakteri sing ngrusak sel imun tanpa daya. Banjur ya mung isa meneng tanpa tandha. Yen
dianalogiake aku kaya manci alumunium kang gampang panas nalika geni diurupake.
Nangeng, manci kasebut bakal cepet adhem yen sithik wae genine dicilikke.
Umpama lakon wayang, kawiwitan saka
patet enem, patet sanga, lan dipungkasi patet manyura. Banjur, saiki aku ana
ing patet ngendi? kabeh isih peteng tanpa pepadhang. Nanging ya kuwi sing jenenge urip, apa sing
diajab kadhang-kadhang malah mrucut kegawa lunyuning tangan. Mula ya mung siji
kang bisa tak lakoni yaiku pasrah kabeh marang Gusti, awit ya mung Panjenengane
Sing Kuwasa gawe abang ijone nasib manungsa. Ya mung Gusti sing ngerti apa sing
paling becik kanggo umate.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar