Jumat, 02 Januari 2015

Cerkak "Rasa Kang Beda"



Jeneng ku Wahyu Dwi Kismawarni, aku iki anak keri dewe yaiku anak nomer telu. Aku lahir ana ing Kabupaten Grobogan. Awet cilik aku urip ana ing Desa Ngambak Rejo nganti tekan sak iki umurku 19 tahun. Bapakku asli saka Sragen, lan ibuku asli saka Desa Ngambak Rejo iki.
Aku sekolah awet TK, SD, SMP, lan SMA nganti lulus. Alhamdulilah diparingi lancar. Saben dina aku diperhatikna marang bapak lan ibu ku. Bapakku dinas ana ing Koramil Kedungjati lan ibuku dinas ana ing SMP Negeri 2 Gubug. Aku iki ana dampit (kembar lanang wadon) dampit ku jeneng e Wahyu Dwi Kismawarno, aku uga duwe duwe mas kang nomer siji yaiku jeneng e Satria Eko Prabowo. Bocah telu iki saben dina padha bebarengan, rukun. Tetangga sisih kiwo, tengen omah padha seneng nyawan aku lan tunggal-tunggal ku.
Sakwise aku lulus SMA, aku nglanjutake kuliah ana ing semarang yaiku Universitas Negeri Semarang, aku jupuk jurusan bahasa jawa. Saben dina aku kuliah kanthi tenanan. Ora leren anggone aku sinau, saben bengi mesti sinau ora ketang maca-maca buku sedhelok. Ora krasa jebul uwis cedhak Ujian Akhir Semester, kanthi peng-pengan sinau Alhamdulilah e aku ora nguciwakake wong tua ku loro-loro ne, IP kang metu iku lumayan duwur, wong tua ku loro-loro ne padha seneng, uga aku melu seneng.
Aku iki bocah kang isa diarani ora ketinggalan jaman. Ana ing jaman sak iki akeh bocah-bocah nom, cilik uga tua padha duwe facebok. Facebook iki salah sawijining jaringan kang saka internet. Kaya dene aku iki kang duwe facebook, kanca ing facebook iki kurang luwih wis ana limangatus wong. Kanca ing facebook iki ana sing dikenal lan ono uga sing ora dikenal.
Facebook ku iki akeh sing jaluk kekancang marang aku. Kanca ana ing facebook ku iki akeh kanca kang wis kerja kaya contone tentara. Akeh banget konco facebook ku sing tentara. Ana ing facebook iki aku duwe kanca facebook sing jeneng e Mas Eri, bocah iki  asli saka ing Pati, nanging dinas e ana ing Kalimantan Timur. Saben Online bareng mesti Mas Eri iki nyapa aku. Mas Eri iki tak anggap kaya mas ku dewe. Saben aku gawe status mesti nyenengi lan komen anggon ku gawe status.  Mas Eri iki dadi tentara kang pangkat e lumayan duwur nanging ora duwe ati sombong, Mas Eri iki nganggep aku kaya adine dewe. Emboh gene aku isa seng banget karo tentara. Delalah nemu kanca loro tentara kabeh yaiku Mas Eri iki lan Mas Heri. Wong loro iki ora padha sombong, duweni ati kang apik,lembah manah.
Mas Heri iki bedha karo Mas Eri. Yen Mas Heri iki dines e ana ing Sragen, yen Mas Eri iki ana ing Kalimantan Timur. Mas Heri iki asli saka Jogjakarta. Aku kenal Mas Heri iki uga ana ing facebook. Mas Heri iki uga tak anggep kaya mas ku dewe padha karo Mas Eri. Mas Heri lan Mas Eri iki sing kadang wenehi aku masukan materi, aku sering dikandan-kandani sing apik.
Suwene suwe kenal Mas Heri ujuk-ujuk Mas Heri iki jaluk nomerku, lan sering smsan karo Mas Heri. Ujuk-ujuk ora ana angin ora ana udan Mas Heri iki dolan menyang omah ku, kanthi awak adem atis lan rasa ati iki deg-degan, Mas Heri iki ngomong jare ana rasa tresna marang aku, aku ora isa muni apa-apa. Aku amung mesem lan guya-guyu karep e ameh tak ajak bahas kang liyane, merga aku uga duwe rasa tresna marang Mas Heri, nanging durung wancine aku nrima Mas Heri dadi pacarku, sebabe aku luwih tresna marang Mas Eri, semana uga Mas Eri uga tresna marang aku. Aku karo Mas Eri iki luwih ndisik kenal tinimbang karo Mas Heri.
Banjur ben padha adil e aku ngomong karo Mas Eri lan Mas Heri, yen awak e dewe iki pantes e amung dadi sedulur. Sedulur kang insa allah ora bakal isa pedhot. Kanthi ngomong alus, Mas Heri lan Mas Eri iki nrima panjalukku, yen aku mung kepingin dadi adikmu tok, ora luwih saka kuwi. Kekarone padha nrima kaputusanku mengkono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar