Ana ing
Salah sawijining kulawarga, jenenge Bapak Mulyana nyambut gawe ana ing Koramil
Kedungjati, dhewek e duweni sesandhingan jeneng e Bu Atun, bojone mau nyambut
gawe ana ing salah sawijining SMP, yaiku SMP Negeri 2 Gubug, kekarone mau
diparingi anak telu yaiku anak pambarep jenenge Satrio wektu iki sekolah kelas
telu SMA. Gusti Allah pareng kemurahan duwe anak maneh dampit yaiku lanang lan
wadon jeneng e Warno lan Warni,wektu iki sekolah kelas siji SMA.
Saben
esuk jam lima anake telu mau wis padha digugah marang bapak e, banjur anak telu
mau padha tangi lan sembahyang. Sak wis e padha sembahyang Warni ngiwangi ibune
masak, lan cah lanang loro ngiwangi bapak e resik-resik lan nyiapke apa kang
dikanggokake. Sak banjure Warni lan
kakangne loro padha rampung ngiwangi lan nyiapne, banjur padha adus lan
siap-siap mangkat sekolah. Sak durunge mangkat sekolah padha sarapan bareng
wong tua. Anak telu mangkat sekolah pamit marang wong tua, anak telu iki
mangkat sekolah numpak bus kabeh. Banjur bapa lan ibune padha mangkat dines.
Tekan
ngomah wetara jam sewelas luwih rong puluh Warno lan Warni wis padha bali
sekolah, banjur mlebu kamare dewe-dewe, bapa,ibu lan Satrio uga padha bali lan
ngundang anak-anake “ padha maem apa?” wangsulane anak e Warni kepingin maem
pecel, semana uga kakang-kakange padha manut. Sakbanjure padha maem keluarga Pak
mulyana iki padha istirahat awan.
Wektu
sore Pak Mulyana ngumbah mobile. Bu Atun ngundang .
“satria,
warno.”
“Ya
buk.”
“mrene
aa.”
Satrio
nyedhak ibune kae bapak diiwangi, Warni wektu iku isih turu.
Wis
ngacik jam lima Warni durung tangi, banjur digugah marang bapak e “nduk tangi
wis jam lima durung shalat barang hloo.” Pitakhone.
Banjur Warni
tangi lan sholat asyar, sak bare warni sholat, bapa,ibu lan kakange loro mau
wis padha adus acarane meh padha golek maem ing njaba, Warni kaget banjur takon
marang bapak e “arep padha menyang ngendi kok aku ora diajak,”
Arep
padha maem nang njaba, kana ndang adus, wamgsulane bapak e.
Warni
banjur adus nganti kesusu. Sak wis e Warni rampung, banjur padha sholat magrib
ing masjid Ar-Rohim, ora suwe Warni ngajak bapak e maem banjur bali, sebab
warni duwe PR kang kudu digarap.
Anggone
metu lan mangan neng njobo ora nganti rong jam. Pak Mulyana sak keluwarga
banjur bali. Tekan ngomah nglebokake mobil nang garasi, Warni banjur mlaku
njujug kamare.
“PR apa
nduuk?” pitakone ibune
“iki buk
PR Matematika, kudu dikerjakne sababe aku sesuk maju.” wangsulane
Nganti
jam 10 Warni durung turu, kakang-kakange lan bapa ne wis pada turu awet jam
sanga mau, Warni ngundang ibune.
“buuk.”
“piye,
ana apa.”
“Sare
kalihan kula.”
Warni
kadengaren ora wani turu dewe, amerga sebelah omah e Warni bar kepaten. Banjur
ibune ngaleh turu karo warni nganti tekan esuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar