Sawijining dina, ing wanci sore
udane deres banget. Ing wektu kuwi sakeluwargane Lusi lagi pada gegojegan ing
ruang tamu. Lusi dhewe, ibu, bapake, lan sedulur-sedulure padha rerasan bab
kang mau awan kelakon. Nalika kuwi udan pancen deres banget hawa atis gawe Pak
Kus bapake Lusi katon sayah, apa meneh kondur saka kantor mau ndadak nganggo
kudanan barang.
Bubar siram, Pak Kus ngutus Lusi
supaya jupuk lenga putih (minyak kayu putih) sing arep dienggo gosokan marga
hawane pancen atis tenan.
“Hawane kok atise ngene ya, ndadak
rasane kudu masuk angin.” Sambate Pak Kus, “ndhuk, Lus bapak jupukake lenga
putih” printahe panjenengane.
Minangka bocah sing taat Lusi terus
menyat ngadeg lan mlaku ngarah menyang kothak obat sing pancen ora pati adoh
panggonane saka naggone lungguh. Durung nganti tekan panggonan kothak mau,
dumadakan Mak Pet! lampu listrike mati kabeh kemangka kahanan wis wiwit peteng.
Rumangsa wis apal banget karo
pernahe obat mau, mula tanpa ngenteni urube lampu Lusi langsung grayah-grayah
lan kasil nyekel botol kang miturut pangirane dheweke isi lenga putih. Botol
enggal-enggal diaturake bapak.
“Menika pak, lenga putihipun” kandane lusi
karo ngulurke botol sing digegem ing tengene.
Tanpa nganggo dipersani disik botol
sing dikira isi minyak kayu putih kuwi langsung dienggo gosokan sakojur dening
pak Kus. Rumangsa wis cukup anggone gosokan, Pak kus ngutus Lusi maneh supaya
mbalekake botol mau menyang panggonane lan karo ngulungake botol mau Pak Kus
takon.
“Apa olehmu njupuk botol mau ora
kliru ta nduk? Jalaran bubar gosokan iku bapak kok ora ngrasakake angete lenga
putih babar pisan malah mung krasa anyep-anyep piye ngono” piatakone Pak Kus
manyang Lusi.
Lusi karo nampani batol mau mangsuli
“ leres kok pak, kula inggih apal sanget bentuke botol minyak kayu putih”
Sakwise botol mau disimpen maneh ing
panggone, lan lusi durung nganti kober lungguh. Mak byar! lampu murup. Wah !!!,
Lusi domblong lan meh wae semaput weruh bapake sing awake sak kojur abang
kabeh. Bareng disetitikake jebul olehe njupul botol mau kliru.
Obat merah dikira lenga putih. Pak Kus kang ngerti awake abang kabeh mung
bisa mesem wae ngerti polahe anake sing kaya ngono iku. Semono uga bareng ibu
lan sedulur-sedulure sing padha ngerti, dadi padha ngguyu ger-geran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar