Srengenge ing langit kulon lumaku
terus, saya nyedaki cakrawala. Blarak-blarak ing pucuk glugu padha kumlebat
ketiup dening angin sore kang sumilir, kelap-kelap mantulake sunaring srengenge semburat kuning, sedhela maneh
wengi bakal teka, gumanteake rina kang kebak dening pangare-arep becik.
Wengi wiwit tumeka, semilir atise
angin ngrasuk nganti kulit sing jero, hawa anyep ora ngalangi dalanku kanggo
nlusuri kutha sing kebak dening montor sing padha lalu lalang. Hawa kuwi babar
pisan ra takrasakake. Kanti tumpakan sepedha montor Supra 125, lakuku bengi
kuwi kawiwitan. Mahasiswa Sastra Jawa napaki dalan Semarang kawiwitan saka sekaran, banaran, dumugi jalan Sriwijaya. Kaya adat biasane saben malem jumat kliwon
aku sakanca menyang taman Budaya Raden Saleh (TBRS) Semarang, pancen wis dadi
padatan yen setiap malem kuwi mesthi nonton pagelaran ringgit purwa, wayang
kulit kang rutin dilaksanakake saben wulan pisan.
Bengi iki pancen ana sing bedha karo
padatan, yen biasane aku sakanca mangkat bareng saka kampus, iki padha mangkat dhewe-dhewe ora ana
enten-entenan kaya wingi. Aku mangkat mrana wetara jam setengah sanga. Kemangka
wektu kuwi aku mung wong loronan karo kancaku sofi sing dakgoncekake.
Dalan Gunungpati daktapaki, ngrumenjeleng dalan amerga pancen
dalan pegunungan sing jeglong-jengong ora dadi alangan, lambe kang cumriwis
antarane aku lan sofi mbaturi awak sinambi gegojegan ing duwur montor. Wetara
rong puluh menitan aku teka ing papan kang daktuju. Kahanan ing kono isih rada
sepi, awit pancen ringgit purwane kawiwitan jam sanga wengi. Bapak-bapak satpam
sing ana ing kono uga isa nengeri, yen ana mahasiswa kang nonton mesthi saka
UNNES. “Mbak saking unnes? Lha kok ora bareng kanca-kancane?” pitakone salah
sawijining satpam sing nyedaki montorku. “inggih pak, kala wau kanca-kanca
sampun sami bidhal rumuyin, kula radi telat.” Jawabanku kanthi basa kang coba
daktata. “Lha kok taksih sepen inggih pak?” takonku nglanjutake tembung. “Inggih
kok mbak, dereng sami dugi” wangsulane bapake kanthi grapyak. Babagan kuwi sing
gawe atiku bombong dadi wong Jawa, yen bener ta wong Jawa kuwi mesthi padha
grapyak lan sumringah ing praupan tur lathine uga ketata kanthi rapi.
Sinambi gegojegan, aku lan sofi
mlebu ing gedung pegelaran, Nyawang kursi lan tikar sing pating momplong durung
ana sing nglungguhi. Niyatan awal arep njupuk lungguh saburine layar, sing
pancen wis dadi basecame-ku sakanca Sastra Jawa. Neng dlalah Febri lan Afini
nyeluk lan ngawe aku saka ngarep lungguh jejer cedhak pawongan lanang loro sing
salah sawijine ora asing maneh. Mula aku trus mara lan Jupuk lungguh ing
sakburine kancaku kuwi, pas ing karpet kapisan burine pengrawit sing dadi
pengiringe dalang kang bakal ngayahi lakon “Baladewa”.
Siji baka siji paraga wayang
ditokake ki dalang saka kotake, ditampilake ing layar putih kang gawe sengseme
sapa wae kang padha mirsani kemasuk aku kang lagi ana ing proses pasinaon.
Keprungu mawa gendhing pelog patet enem miwiti alur cerita Baladewa utawa Krakasana
kang dhuweni dedeg pidegda gedhe dhuwur kang digadhang-gadhang jumeneng nata
negara. Bonang, balungan, gong, kethuk, slenthem lan piranti gamelan liyane
pathing klentengan nambah rasa suka tur bombong mersani lumakuning ringgit kang
kebak nilai estetis lan pitutur becik kuwi. Ora mung pisan pindo swara tepuk
tangan padha riuh keprungu saka para warga kang uga gandrung mrang pagelaran
kuwi.
Ing kahanan kaya mengkono bledeg
rasa tumiyup keprungu ing sakjroning ati, lumaku kaya dene awan putih sing
kegawa derese angin wengi. Nalika ora njarak aku nyawang praupan priya kulit
sawo mentah jumejer sangarepku kadya Krakarsana ya Baladewa kang pancen lagi
dilakonake dening ki Dalang. Kaya ana rasa kang tumiba ing ati, pas kena bagian
iki emboh neng endi, tapi kepara gawe bungah ora ketulungan nalika kuwi. Rasa
kang ora bisa digambarake nganggo tembung, ya mung krasa kaya ana kembang
melati lan gandhane sumebar ngebaki ati, mripat, kuping, otak nganti pucuk kuku
uga krasa gumeter.
Dheweke endah nggawa guyu, luhur
kanthi laku lan landhep ora kaya suku. Pinter, bagus lan dhuweni kharisma sang Krakarsana.
Sejatine aku ora sanggung ngadepi level kaendahan kaya mengkene, iki dudu
dharbekku, aku ngrasa ora pantes. Kanggo awakku dheweke mung pawongan kang
bakal dadi duweke wong liya. Lan aku ora luwih mung pangisi simponi kang bakal dilalekake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar