Wektu
aku sekolah ana ing SMA Futuhiyah Mranggen, aku duwe tunggal jenenge Mas Kis.
Aku mlebu ana ing SMA Futuhiyah lan kang mas ku mlebu ana ing SMK Futuhiyah.
Kekarone sinambi nggegulang ngelmu ngaji ing Pondok Pesantren Al- Murodhi. Aku
mlebu ing kelas unggulan, saben kelas amung rong puluh bocah.
Saben
dina kegiatan kang tak tindakake ora tau ana kendhat e, wiwit jam telu bengi
aku tangi sholat tahajut, tak terusake ngaji nganti tekan jama’ah sholat subuh,
bar kuwi tak terusake ngarap tugas-tugas sekolahan. Aku mangkat sekolah jam
setengah pitu bebarengan karo kanca-kancaku. Tekan sekolahan aku diulang marang
guru-guruku nganti iso lan sabar.
Jam
papat aku bali saka sekolah,tekan pondok aku banjur adus, lan ngaji nganti ameh
magrib, saben magrib jamah bebarengan karo Bapak Kyai H. Cholik sakwis e shalat
magrib banjur aku ngaji karo Ibu Hj. Nif’ah nganti ameh ngisak lan diterusake
jama’ah sholat isyak. Rampung sholat isyak aku mlebu kamar lan sinau bebarengan
karo kanca-kancaku sekolah nganti jam sepuluh, banjur aku turu. Kegiatan kaya
mangkana mau tak tindakake kanthi ati iklas lan sabar sahingga aku bisa pinter
ngaji kanti lancar lah fasih.
Sak banjure
aku duwe kanca jeneng e Mbak Khusnul, karo Mbak Khusnul aku dikenalake marang
priya kang gagah, gedhe, lan ganteng. Kang Paringan jeneng Nur Rochim. Aku
dikenalake ana ing kantin sekolah. Banjur aku ijolan nomer hp karo Mas Rochim
Ora suwe wayah bengi antara jam sepuluh hp ku muni, tak tiliki jebule sms e Mas
Rochim. Banjur smsan karo aku nganti jam sewelas bengi.
Saben
mangkat sekolah aku mesti ketemu dheweke ing gerbang sekolah. Banjur aku mlebu
ana ing kelas. Wektu istirahat aku mesti maem ana ing kantin karo
kanca-kancaku, banjur Mas Rochim uga mangan ing kantin. Kekancananku karo Mas Rochim
ora krasa wis ana patang wulanan, banjur ngungkapake rasa tresna marang aku.
“Mas Rochim
: dek aku duwe rasa tresna marang sliramu”.
“Aku
: opo perlu aku jawaban sak iki
mas...??? “
“ Mas Rochim
: iyo dek...?? aku perlu jawaban kuwi sak iki.. “
“ Aku :
iyo mas, aku uga tresna marang kowe...???
Sakwise
smsan karo Mas Rochim rampung aku uga turu. Lan tangi nglakoni kegitan kaya
biasanne. Awan wektu istirahat sekolah aku uga ketemu ana ing kantin, rasa ati
iki ora karoan dek-dekane. Ora suwe Mas Rochim tekon marang aku..
“Mas Rochim
: dek karo sapa....???”
“Aku :
iki mas karo Mbak Fika...???”( karo senyam-senyum)
Ora tak
rasa pacaran ku wis ana sewulan, wektu iku aku lagi kelas siji, lan kelas loro ne
aku pindah ana ing SMA YASIHA Gubug, lan Mas Rochim uga lulus sekolah. Aku
pindah sekolah ana ing SMA Yasiha amarga aku ora betah ana ing pondok iku.
Banjur aku jarang ketemu karo Mas Rochim, pacaran kanti papan panggonan kang
adoh, amung sewulan pisan ketemune. Banjur wis ana setahun Mas Rochim uga
nyalon Tentara. Aku kanti wenehi dukungan lan semangat karo Mas Rochim sing ora
ngantin leren, ben supaya Mas Rochim bisa dadi Tentara kang dadi cita-citane.
Wektu semana aku isih kelas telu SMA, nanging cita-cita ne Mas Rochim durung
bisa tercapai.
Aku wis
mulai padet jadwalku kanggo Ujian Nasional, Mas Rochim uga padet jadwal e
kanggo persiapan daftar Tentara maneh. Jadwal kang padha padat e nanging padha
nyadari lan padha percaya ne, yen ora bakal neka-neko.
Banjur
aku lulus sekolah, aku cepet-cepet daftar ana ing Perguruan Tinggi sing ana ing
Semarang. Saben daftar aku diterake marang kang mas, mbakyuku lan Mas Rochim
uga. Ora suwe Mas Rochim uga ketampa ana ing Tentara lan aku uga ketampa ing
Perguruan Tinggi Universitas Negeri Semarang.
Nanging
Mas Rochim ora suwe medhotake hubungan katresnan marang aku, sing wis dilakoni
suwene ana rong tahun. Aku ugi bingung
ora ana udan, ora ana angin ujuk-ujuk aku dipedhotake. Kanti ora ana
alesan kang sing jelas.
Dikirimi
Pulsa
Wanci
wis sore, aku bubar kuliah maca aksara jawa, aku banjur bali menyang kost.
Kanthi awak wis rasane wis kesel, lemes, amarga awet ndik esok uga kuliah ora
ono enggange. Tekan kost banjur aku turonan ana ing kasur, ora suwe aku adus
lan sholat asyar. Bubar rampung adus karo sholat aku bukak notebook amarga ana tugas kang kudu rampung bengi iki. Ora lali
saben buka notebook uga aku buka facebook. Bubar dibukak facebook e ana pesan yaiku saka Mas Eri.
Pesan kuwi munine nakokake kabar lan keadaan ku, rasa ing ati ku seneng banget
saben entuk pesan saka Mas Eri. Ora suwe anggon ku maca, pesan Mas Eri kuwi
banjur tak bales kanthi ati seneng lan mesam-mesem dewe.
Rada
sauntara Masjid mburi kost ku adzan magrib, aku uga cepet-cepet mateni notebook lan metu saka facebook, amarga aku yen magrib tak
biasakake sholat ana ing masjid mburi kost ku iki. Rampung sholat lan bali kost
aku lan kanca-kanca padha metu bareng golek maem lan jajan. Ana salah siji
kancaku sing ngajak maem ana ing warung steak, lumayan adoh karo kost,
kira-kira perjalanan e setengah jam saka kost ku. Aku lan kanca-kanca ku iki
uga cepet-cepet mangkat menyang warung iki, amarga wis pada ngeleh.
Warung Steak iki pancen wis rada terkenal enak
amung rada larang. Aku lan kanca-kanca banjur mlebu lan pesen maem sing padha
disenengi dewe-dewe. Karo ngenteni maem sing sing dipesen, kanca ku sing jeneng
e Lina iki pancen seneng gawe geguyon kanca-kancane, pada crita. Aku lan
kanca-kanca ku iki wis kaya sedulur dewe, kanca paling cedhak. Kancaku iki
jenenge Lina, Aeni, lan Farah.
Ora suwe
pesenan maem wis teka, banjur padha maem bareng, sinambi jagongan. Mangan sing
paling cepet dewe entek yaiku Aeni, bocah iki maem e cepet banget. Bareng kanca-kanca
liya uga wis rampung Lina moro ana ing kasir lan mbayar mangan e kanca-kanca
kabeh mau, mengko gari kanca-kanca padha bayar ning lina.
Tabuh
setengah sanga aku karo kanca-kanca iki mau banjur bali menyang kost. Aku
boncengan karo Farah lan Lina boncengan karo Aeni, bocah papat iki bisa diarani
keluwarga cilik, saben dina rana rene bareng.
Tekn
kost aku banjur salin klambi lan sholat isya’. Rampung sholat aku uga mbuka notebook meneh lan garap tugas, ora lali
uga mbukak facebook, kang ora isa
ditinggalake. Sinambi garap tugas, ujuk-ujuk notebook iki muni “klung” iki tandane facebook ku ana pesan, banjur aku bukak facebook maneh jebule mas eri nyapa aku.
Mas Eri
: Assalamualaikum dek...lagi ngapa...???
Aku : Waalaikumsalam
mas...iki lagi ngerjakne tugas, lha jenengan lagi ngapa mas...???
Mas Eri
: aku lagi bubar apel malam dek...sak iki kowe apa jararng bukak facebook dek, kok tak tilak tiliki ora
tau online...???
Aku :
iya mas aku jarang online lagi males, akeh kegiatan, ora sempat mbukak mas....
piyeee...??kangen pow.... (sinambi maca lan guya-guyu dewe)
Rada
suwe anggone mbales Mas Eri, banjur tak tinggal garap tugas maneh. Ora suwe Lina
nyusul aku menyang ngarep lan banjur padha guyon-guyon bareng karo aku lan
kanca-kanca liyane. Wis ameh sakjaman Mas Eri nembe bales pesanku mau lan notebook iki muni nandakake yen ana
pesan banjur tak buka lan tak waca, yen Mas Eri iki mangsuli pitakonku mau.
(balesan
sing nandhaake guya-guyu)
Mas Eri
: iyo dek iki kangen, dek duwe no.simpati opo ora
Aku :
duwe mas iki.... knp..??
Mas Eri
ora bales-bales meneh, rada sauntara hp ku genti seng muni, tak buka ana pesan
saka 858, pesan iki nandhaake yen ana pulsa masuk. Banjur Mas Eri genti bales
pesan sing ana ning facebook ku.
Mas eri
: dek tak kirimi pulsa, aku bar oleh rejeki sitik tak bagina kowe yaaa...
Aku :
oalaaaaahhh tak kira ameh telpon mas, matur nuwun yaa mas pulsane. (kanthi ati
seneng banget)
Banjur
aku telpon Mas Eri lan jagongan suwe banget. Ora krasa wis jam sewelas bengi,
mata ku uga wis rada ngantuk, banjur telpon iki tak uwisi ndisik, marga aku wis
ngantuk. Bareng telpon iki mau mati, aku kok ngrasa yen Mas Eri iki eman temen
karo aku, nanging aku amung ngrasa yen Mas Eri iki tak anggap dadi masku dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar