Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Aja Nakal Priyaku"


aja nakal priyaku
bun esuk during tuntas
kringet uga during atus
sedheng tapak kuku
isih krasa panas ing pundhak

aja kesusu priyaku
klasa isih gumelar
sabar ngenteni crita endah
ngenani laku kanga arep katuju
dalane pancen lunyu
tilas udan wingi kae
nggrayanga golek cekelan lamun sikilmu krasa gumeter

aja nakal priyaku
entenana aku ing nduwur gumuk
awit awakku wis tanpa daya
rinegem kridhamu kang saya ndadra



Tidak ada komentar:

Posting Komentar