Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Tumbal"



yen katona
rojah rejeh mili getih
mara age tadhahana
kareben abang iki ora ana kang kacicir

mestine ana pitakon
sembulih apa kang dak jaluk
ora ana
upama andheging keteg iki muspra tanpa teges
dakniyati minangka pituwas
keladuking ati ngugemi janji

lading wis cumepak
mangga tamakna
atiku ora kabotan
dadi tumbal katentreman



Tidak ada komentar:

Posting Komentar