Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Yen Ana Gela"



kaya wis lumrah
yen wengi sinusul rina
mulayen kala-kala ana gela
mesthine ana sing luput saka panggantha

geneya nangisi keplasing wektu
senajan mangkua sawengi natas
rembulan tatu kuwi dudu duwekmu
aja getun aja nggagas
ana teka ana lunga
wayahe purnama
tibane malah grahana

mula saiki sadurunge rina
tumenga menyangakasa
sawangen rembulan kae
lilingen endah lan keplenge



Tidak ada komentar:

Posting Komentar