Senin, 22 Desember 2014

Sinopsis "Serat Riyanto"



Wonten Serat Rijanta punika kacarios menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Rijanto. Wiwit raden mas Rijanto umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan ramanipun. Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Rijanto sanget dipun tresnani dening ibunipun.
            Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Rijanto di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika raden mas Rijanto ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Rijanto kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas Rijanto.
            Ngantos umur kalih dasa, raden mas Rijanto dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipan tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Rijanto kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Rijanto dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Rijanto tasih kepengin golek pengalaman kangge kauripan punika.
            Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto kangge tindak dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebarakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis sarwi sasarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi katalingsut.amargi melas, raden mas Rijanto banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Rijanto dereng ngertos namanipun bacah wau. Raden mas Rijanto tresna kaliyan estri punika.
            Saking kumidi, raden mas Rijanto banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Rijanto. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Rijanto banjur tindak menyang Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas Rijanto banjur wangsul wonten dalemipun.
            Akhiripun, raden mas Rijanto ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Rijanto. Raden mas Rijanto remen sanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas Rijanto boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab punika, raden mas Rijanto lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.
            Ibunipun raden mas Rijanto banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai Pramayoga, menawi badhe nyuwun pirsa babagan perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Rijanto banjur nembung raden ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Rijanto kaliyan raden ajeng Srini mantenan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar