Minggu, 21 Desember 2014

CANGKRIMAN



Cangkriman bisa dipérang jorining telung golongan yakuwi: Cangkriman Wancah, cangkriman pepindhan lan cangkriman awujud tembang.

Cangkriman wantah
Cangkriman iki arupa cekakan saka tembung kang kagandhèng dadi siji. Tuladhha:
  • Burnas kopen : Bubur panas kokopen
  • Pak boletus :tepak kebo léléné satus
  • Pindhang kileng : Sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  • Wiwa wité, lesbodhongé, karwa paké : uwi dawa uwité, tales amba godhongé, cikar dawa tipaké manuk ndhase telu
Cangkriman Pepindhan
Cangkriman iki awujud ukara kang dadi pepindhan tumrap jeneng kang kudu dibatang. Tuladha:
  • Pitik walik saba kebon : Sulak/Kemocheng
  • Sega sekepel dirubung tinggi : salak
  • Ora mudhun-mudhun yèn ora nggawa mrica sakanthong : katès
  • Pitik walik saba méja : sulak, kamocsudyszed
  • Gajah nguntal sangkrah : pawon
  • Kebo bulé cancang merang : buntil
Cangkriman awujud Wacanan
Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
  • Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
  • Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
  • Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun) raimu eleng tekus

2 komentar: