Minggu, 21 Desember 2014

Parikan



numpak sepur, sepure kaligung
angan-angan sing kabur mung gawe bingung

sega kucing tempe mendoan
aja kecing dadia wong wanian

sumur jero ana ulane
aku tresno karo koe

numpak motor maring simpang lima
jiwaku wis kotor pegen ndang nyuwun ngampura

dawet ayu gula jawa
sliramu cah ayu gawe ati gela

mangan tempe sore-sore
wetengku luwe pengin mangan lele

mlaku-mlaku karo maca buku
katresnanku namung kanggo sliramu

tuku siomay wadahe plastik
rupamu aduhai gawe atiku ketarik

numpak sepur kaligung
gelar koran ning jerone
ayuh padha eling marang maha agung
sekaliyan nyuwun ampurane

esuk-esuk mangkat kuliyah
tangi awan dadi kasepan
awak krasa lungkrah
ngadhepi  tugas sing keteteran

tetembangan ning dhuwur klasa
klasane ning sor wit asem
sliramu si kembang desa
manis banget yen lagi mesem

lungguh klasa nang jero sepur                                                                         
nyemplung segara asin rasane
wulan suro ayuh dosa padha dilebur
mumpung lipat ganda pahalane

jangan terong gorengan tempe
sega jagung kuning warnane
aja seneng serong karo kancane
yen konangan aduh wirang rasane

pengawet kimia jenenge tawas 
ngawetake tempe mendhowan
niate garap tugas
eh pas buka internet malah fesbukan

wedang bubuk, gula jawa.
yen kepethuk ati lega

sepet sepet, sawone mentah.
diempet empet selak ora batah.

wajik klethik gula abang.
aja suthik, yen tumandang

godhong kecipir, mrambat kawat.
najan ora mampir, nanging liwat.

kembang jagung, dipethik cina.
barang wis kadhung dikapakna.

manuk emprit, menclook godhong tebu.
dadi murid, sing sregep sinau.

manuk kutut, manggung ngganter.
yen ra nurut, bisa keblinger.

yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.
sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.

yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.
mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati

esuk nyuling sore nyulíng, sulingé arèk suråbåyå.
esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.

awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.
kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.

ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå

Tidak ada komentar:

Posting Komentar