Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Aku lan Sliramu"



aku lan sliramu
kaya ril, kiwa lan tengene
bebarengan lumaku
gandhengan tangan saben wektu
ora bakal ketemu selawase

merga aku karo sliramu
kaya ril kiwa tengene
mesthine nglenggana
marang wajib kang ginaris
marang kodrat kang tinakdir
kiwa lan tengen
kosok balen kang ora bisa kapisahake
awit jejere njangkepi siji lan sijine
kaya aku lan sliramu
kang bebarengan lumaku
gandhegan tangan saben wektu nangig ora bakal ketemu



Tidak ada komentar:

Posting Komentar