Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Pitungatus Telung Puluh Dina"



pitungatus telung puluh dina
yen dieting kepara lewih
cukup wektu kanggonjlimeti surasa kang sinengker
ing warisane ratih lan kamajaya
eman
panggah dadi wewadi
jero,
sensaya jero malah
irenge dadi misteri kang kuwawa nutup
srengenge lan padhange
ing petenge nganyut ulem, ndudut ati
kumudu ambyur ing kedhunge
klelep ing ulegane

kapan bisa negesi werdine
tebung siji nem aksara: tresna
pitung atus telung puluh dina
pranyata during kuwawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar