Minggu, 21 Desember 2014

PARIBASAN




 

  1. Iwak lumêbu wuwu.
    Wóng kêna a Kêbo lumumpat ing palang.
    Ngadili prakårå ora nganggo watón.
  1. Kêbo mulíh menyang kandhangé.
    Wóng lunga adóh bali mênyang omah manèh.
  1. Kêbo nusu gudèl.
    Wóng tuwa jalúk wurúk wóng ênóm.
  1. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak.
    Kêgêdhèn kakêrêpan nangíng kurang sêmbada.
  1. Kajugrugan gunúng mênyan.
    Olèh kabêgjan kang gêdhé bangêt.
  1. Kêkudhúng welulang macan.
    Ngapusi nggawé jênêng wóng kang diwêdèni.
  1. Kêlacak kêpathak.
    Ora bisa mungkír, jalaran wís kabuktèn.
  1. Kêna iwaké åjå nganti buthêg banyuné.
    Síng dikarêpaké kêlakon níng åjå nganti gawée rusak/ramé.
  1. Kêncana katon wingka.
    Sênajan apík nangíng ora disênêngi
  1. Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godak.
    Ngaku kêndêl tur pintêr jêbu1 jiríh tur bodho.
  1. Kênès ora èthès.
    Wóng sugíh umúk nangíng bodho.
  1. Kêplók ora tómbók.
    Wóng sênêngané maido thók, ora gêlêm mélu cawé-cawé.
  1. Kéré munggah balé.
    Batúr dipèk bojo karo bêndarané
  1. Kéré nêmoni malêm.
    Wóng kang bêdhighasan / sêrakah.
  1. Kêrot ora duwé untu.
    Duwé kekarêpan níng ora duwé bandha/wragat.
  1. Kêrubuhan gunúng.
    Wóng nêmóni kêsusahan síng gêdhé bangêt
  1. Kêsandhúng ing råtå, kêbêntus ing tawang.
    Oleh cilåkå síng ora dinyånå nyånå.
  1. Kêtula-tula kêtali.
    Wóng kang tansah nandhang sêngsara.
  1. Kêthèk saranggón.
    Kumpulan wóng kang tindak ålå.
  1. Kléyang kabúr kanginan, ora sanak ora kadang.
    Wóng síng ora duwé panggónan utåwå omah síng têtêp.
  1. Klênthíng wadah masin.
    Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ålå.
  1. Kongsi jambúl wanên.
    Nganti tumêkan tuwå bangêt.
  1. Krókót ing galêng.
    Wóng kang mlarat banget.
  1. Kriwikan dadi grójógan.
    Prakårå kang maune cilík dadi gêdhé
  1. Kumênthus ora pêcús.
    Sênêng umúk nanging ora sêmbada.
  1. Kurúng munggah lumbúng.
    Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
  1. Kuthúk nggéndhóng kêmiri.
    Manganggo kang sarwå apík/aji liwat dalan kang mbêbayani.
  1. Kutúk marani sundúk ulå marani gêpúk.
    Njarag marani bebåya.
  1. Kuncúng nganti têmêka gêlúng.
    Suwe bangêt anggoné ngêntèni.
  1. Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.
    Rampung såkå rékadayané dhéwé.
  1. Ora ånå banyu mili menduwúr.
    Wataké anak biasané niru wóng tuwané.
  1. Ora ånå kukús tanpå geni.
    Ora ånå akibat tanpå sebab
  1. Ora gonjå ora unús.
    Wóng kang ålå rupane ugå atine.
  1. Ora mambu énthóng irús.
    Dudu sanak dudu kadang.
  1. Ora tembúng ora tawúng.
    Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.
  1. Nabók nyilih tangan.
    Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
  1. Ngagar mêtu kawúl.
    Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan, nanging síng diójók-ójóki ora mêmpan.
  1. Ngajari bèbèk nglangi.
    Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.
  1. Ngalasake negårå.
    Wóng síng ora manut pranatan negårå.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar