Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Atiku Dakjaluk Bali"


Separo atiku
Dakwenehake sliramu
Sasi ruwah limang taun kepungkur
Jare kanggo njangkepi atimu
Sing kadhung digawa mlayu
Saiki
Atiku koseleh ngendi
Isis njero jam kang gumantung ing senthong
Apa kependhen pawuhan mburi omahmu?

Tinimbang ora kopen ing regeman
Luwih becik balekna,
Aku ora trima
Yen mung arep disiya siya

Tinimbang ora kopen ing regeman
Luwih becik balekna,
Aku ora trima
Yen mung arep disiya siya



Tidak ada komentar:

Posting Komentar