Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Aku Kesel Ngundha Kangen"


ngancik tengange
bun esuk wis tanpa tabet
saya arus gandane kringet
sing maune bening dadi buthek
rasa plong kaya dadi buntet

alon aku jumangkah
saurute dalan sidhatan
rungkut ri bebondhotan
lamat-lamat keprungu tembangmu
lirih wiramane ngalentrih

ya ta tutugna olehmu umpetan
yen seneng nyawang aku sansaya kelangan
kesel ngunda kangen
nganti kaya wong lara ora ketamban

apa pancen aku mung wenang ngrungokake tembangmu
sing wiramane ngalentrih iku
sing maakake tatu ing njero dhadhaku sansaya jeru iki?



1 komentar: