Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Pedah Apa"


pedah apa ngundha rasa
miyaki dongeng lan crita lawas
ngengidung tembang kasmaran
nyicir wektu
ngoyak impen wayah turu

pedah apa nggadhang udan salah mangsa
mokal tumurune
pinesthi nglengkarane

kareben wiji mati
sauger netepi pesthi
kareben lemah nela tanpa tuwuh
sauger netepi kodrating dhawuh
luhur-luhuring titah
lamun ikhlas ing sumarah
mulat sarira angrasa wani
legawa narima jantraning wanci



Tidak ada komentar:

Posting Komentar