Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Rewangana Ndedonga"



yen pantesa
wis kekitrang olehku ngundang
kekejer nangis kepiyer
ewasemana mung cukup amem
luh iki kudu dibendung

iki lho pangurbanan kang nate dakjanjekake
sewu lara dakkempit dakindhit
ora bakal dakselehake
yen sliramu nyipati aku gumeter
kabotan sanggan
rewanana ndedonga, aja nganti tiba glangsaran
upama nganti kejengkang
tetepa lumaku
senajan dalan kebak pepalang



Tidak ada komentar:

Posting Komentar