Minggu, 21 Desember 2014

Geguritan "Tlutur"



iki wancine gendhing tlutur dikumandhangake
awit kinanthi wis suwe dicecep manise
minangka pepeling
cakra manggilingan
jantraning ngaurip kudu dipepaki
abot dikaya ngapa
aja ngemut legining gula
tundhone melik nggendong lali
sadhengah cara dilakoni

saiki wancine tlutur dikumandhangake
nyepakake ati, yen sawanci-wanci
gendhing gleyong nutu jagad pakeliran
tancep kayon



Tidak ada komentar:

Posting Komentar