atiku kesel
nututi
megamega ing langit kae
pranyata ora
ana kang ko titipi
nggadang
atimu
prasasat
ngoyak playune angin
dak turut
ngalor mlakumu ngidul
dak cegat
wetan sliramu ngulon
saben saben
mung ngreridhu
wewayanganmu
kang sakeplasan
kumlebat ing
antarane
that thit
lan mendhung ireng
ing ngendi
kudu daklari
dunungmu
kang sayekti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar